Selasa, 03 Juni 2025

Materi Bahasa Jawa ragam Jinis Teks

 

MATERI

RAGAM JINIS TEKS

 

1.      Teks Eksposisi

·       Teks eksposisi yaiku teks kang jlentrehake utawa medarake sawijing bab kanggo pamaos, supa ya pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijing objek, sabanjure pangreten pamaos isa mundhak. Teks eksposisi asipat menehe ngreti, ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab.

·       Bab kang dijlentrehake ing teks eskposisi yaiku:

a. Data factual

b.      Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang seperangkat fakta

c.       Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijing keyakinan

·       Ciri teks eksposisi

a.  Njelntrehake panemu, gagagsan, lan keyakinan

b.      Mrelokake fakta kang dikuwatake utawa dicethakake

c.       Mrelokake analisis lan sintesis nalika ngonceki bahan lan fakta

d.      Nggoleki sumber ide saka pengalaman, pengamatan, sikap, lan keyakinan

e.      Pathokan nulis teks eksposisi

f.        Teks eksposisi ngupaya kango nyethakake sawijing pokok prastawa

g.       Isi eksposisi ora nduwe karep ngundhang reaksi

h.      Gaya eksposisi kudu informative lan ngyakinake

i.        Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional

j.        Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek kang dirembug

k.       Penulis kudu ngreti prastawa kang diandharake

l.        Penulis kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret

·       Tuladha teks eksposisi

Gempa

Pasca gempa 5.9 skala ricther, saperangan Yogyakarta lan Jawa Tengah ajur mumur. Kahanan iki ngundang perhatian saka akeh pihak. Pitulungan pada teka saka njero lan luar negri. Pitulungan awujud panganan, obat-obatan, lan sandhangan dipanggonake ing panggonan sing strategis. Babagan iki dimaksudake supaya cara mbagi bantuan bisa dilakokake luwih cepet. Para dokter lan tenaga medis saka daerah-daerah liya uga teka. Dheweke maringi bantuan utawa pitulungan ing Rumah Sakit lan tendha-tendha pengunsgian.

 

 

2.Teks Argumentasi

·       Teks argumentasi yaiku teks kang ditulis kanggo ngyakinake utawa mbujuk pamaos

·       Ciri teks argumentasi

a.      Isine argumen, pandangan, pendapat, lan keyakian babagan prastawa

b.      Nggunakake data kang asipat factual

c.       Ana analisa lan logika nalika nintakake penjabaran

d.      Nduweni ukara panutup/dudutan kang dadi ukara penegas/penjelas

·       Cara gawe teks argumentasi

a.      Nentokake tema

b.      Nyawijikake data/bahhan

c.       Gawe kerangka teks

d.      Ngembangake kerangka kang wis digawe

·       Tuladha teks argumentasi

 

Budi Pakarti

Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mboten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mboten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.

Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:

“gemi, nastiti, ngati-ati”

Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mboten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mboten sae. Nastiti menika ateges mboten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mboten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mboten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.

 

3. Teks Deskripsi

·     Tegese Deskripsi

Tembung deskripsi ditegesi gambaran. Gegayutan karo bab iku teks deskripsi bisa ditegesi teks kang gunane kanggo nggambarake utawa nerangake. Wujud sing digambarake yaiku apa-apa sing bisa disawang, dirasakake, dirungokake lan diambu. Kajab iku, uga gegayutan karo swasana lan kahanan. Umpamane swasana ati (wedi, tresna, sedhih, geting, lsp.), kahanan alam (panas, adhem, lsp)

·      Titikane Teks Deskripsi

a.    nggambarkan objek tertentu
b.   objek kang digambarke ana ing teks deskripsi asipat khusus. Tuladha nggambarke panggonan wisata, panggonan bersejarah, mahluk urip, utawa benda.
c.    nggambarake objek kanthi rinci
d.    objek dipaparke secara rinci yaiku adedasar fisik, sifat utawa pandangan penulis.
e.    nglibatake panca indera
f.    objek digambarke kanthi nglibatake pancaindera. Piyayi kang maos kaya-kaya bisa nonton, rungokake, ngrasakake, ngambu, utawa ngalami objek kang dideskripsikake.
 

·     Struktur teks deskripsi.

a.    Judul : Kangge ngerteni isi teks deskripsi.
b.    Identifikasi : Ukara ngenani apa kang arep diandharake ing teks deskripsi
c.   Klasifikasi : Gambaran umum babagan apa kang dideskripsekake kang sesambungan karo jeneng, lokasi, sejarah, arti jeneng, lan sakpanunggale.
d.   Deskripsi : Ana ing bab iki penulis njlentrehake rincian objek kang gegayutan karo panca indera yaiku apa yang disawang, dirungokake, diambu, dirasakake, diraba
 

·     Urut-urutane Nulis Teks Deskripsi

a.    Nemtokake underaning prekara (Tema)
b.    Ngumpulake Katrangan kanthi njingglengi bab kang arep ditulis
c.    Nyatet perangan-perangan bab
d.    Nulis asile kang njingglengi mau kanthi urut lan cetha
e.    Naliti lan benerake ukara supaya dadi karangan kang becik.

 

 

·     Tuladha Teks Deskripsi

Nagasari

            Nagasari yaiku salah sawijine jajanan pasar. Lumrahe disugatake ing saben wong duwe gawe. Jajanan iki wujude kothak. Ukurane udakara 10 x 6 x 2 senti. Pinggirane luwih tipis timbang tengahe, memper bantal.

            Warnane putih amarga digawe saka glepung beras sing diolah karo santen dadi adonan. Adonan iki banjur dibuntel. Buntele panganan iki biasane nganggo godhong gedhang. Godhong sing dinggo yaiku sing ora enom nanging ya ora tuwa. Iku supaya gampang anggone ngelak-ngeluk lan ora gampang suwek.

            Njerone adonan ana perangan kang wernane kuning, yaiku gedhang. Umume gedhang kanggo isi yaiku gedhang kepok. Adonan, isi, lan buntele banjur dikukus nganti mateng.

            Perangan putih mau rasane guruh semu manis. Yen dicakot empuk kenyel-kenyel. Dene gedhange rasane legi. Merga rasane sing gurih tur legi, nagasari dadi jajanan sing disenengi masarakat.

 

 

Tempe

Ora kaya panganan dhele tradisional liyane kang biyasane asale saka Cina lan Jepang, tempe iku asli saka Indonesia. Ora cetha kapan panggawene tempe iku kawitan. Nanging nyatane panganan tradisional iki wis dikenal wiwit pirang-pirang abad kawuri, utamane ing tatanan budaya panganan masarakat Jawa. Ing bab 3 lan bab 12 manuskrip Serat Centhini kanthi seting Jawa abad kaping 16, wis ditemokake tembung “tempe”, umpamane kanthi nyebut jeneng nyamikan jae santen tempe (saemper masakan tempe nganggo santen) lan dhele tempe srundengan. 

Tembung dhele kang ditulis kadhele ing basa Jawa ditemokake ing Serat Sri Tanjung (abad 12 utawa 13). Saliyane iku ing serat legenda kota Banyuwangi iku, tembung dhele uga ditemokake ing Serat Centhini taun 1814. Ing jilid kapindho Serat Centhini digambarake lelakone Cebolang saka Purbalingga tumuju menyang Mataram, banjur nginep ing omahe Ki Amongtrustha, kang nyugata dhahar wengi kanthi lawuh bubuk dhele. Ing Mataram, Cebolang diwenehi ngerti dene sesaji ing kacar-kucur, yaiku upacara arep nikahake anak, ana kacang kawaklandhele kawak, beras kuning, kembang, lan dhuwit cring. (wikipedia).

Tembung “tempe” dirasa saka basa Jawa kuna.Ing jaman Jawa kuna ana panganan kang werna putih digawe saka glepung/tepung sagu kang diarani tumpi.Tempe seger kang awarna putih katon saemper karo panganan tumpi kasebut. Saliyane iku ana rujukan ngenani tempe saka taun 1875 ing sawijining kamus basa Jawa-Belanda.

Andharan kasebut nyata nuduhake lamun panganan kang diarani tempe iku dikenal dening wong Indonesia wis pirang-pirang abad kawuri. Mula sepira bungahe lamun awake dhewe iku duwe sawijining panganan khas kang ora diduweni dening tlatah liya.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 MATERI SESORAH     Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapak...