Sambutan upacara adat pengantin Jawa.
Tembung mantu bisa
ditegesi duwe gawe ngomah-omahake anak, lumrahe anak wadon. Dimantu tegese
diomah-omahake utawa dipalakramakake. Diarani diomah-omahake amarga mantu iku
nyawijekake anak wadon lan pawongan lanang supaya manggon ing sawijine omah.
Diarani palakrama, dumadi saka tembung wong kram kang tegese mlangkah. Dadi
tembung palakrama mengku teges mlangkah tumuju menyang madyaning bebrayan anyar
supaya bisa awoh kabagyan, kamulyan, lan katurunan. Mula saka iku, jaman biyen
ing upacara majemuk utawa dhaup nganggo acara nglangkahi pasangan sapi utawa
kebo.
Upacara adat penganten Jawa
jaman biyen, wiwit saka ndhodhog kori nganti tekan ngundhuh mantu kabeh ditata.
Amarga kabeh sarwa ditata, mula saben acara ana acara sesorah. Sesorah kang
magepokan karo adat mantu iku cacahe akeh banget, yaiku:
1. Atur nalika ndhodhog kori (nembung), biasane ora
diwara-warakake
2. Atur pasrah paningset lan atur panampa pasrah banyu
siraman
3. Atur pasrah banyu siraman lan atur panampa pasrah
banyu siraman
4. Atur pasrah calon penganten lanang ing acara
midodareni lan atur panampane
5. Atur pamitan ing acara midodareni lan atur waluyane
6. Atur pasrah calon penganten lanang nalika arep ijab
lan atur panampane
7. Atur pasrah calon penganten lanang nalika arep
majemuk/temu lan atur panampane
8. Atur pasrah penganten sarimbit nalika ngundhuh mantu
(sepasaran) lan atur panampane
Atur pambagyaharja ing acara siraman, midodaren,
majemuk, utawa ing pahargyan,lsp
Sambutan dalam bentuk pasrah panganten atau panampi pasrah
panganten.
Ing ngarep mau wis diterangake werna-wernaning sesorah ing acara adat
penganmten Jawa. Ing antarane sesorah mau ana acara pasrah penganten lanang lan
panampa pasrah penganten lanang.
Pasrah penganten lanang ana kang dileksanakake nalika acara midodareni
yaiku ing wengi sadurunge acara ijab lan majemuk ditindakake. Ana uga kang
adani sadurunge acara ijab kabul, lan uga ana kang dileksanakake sadurunge
acara panggih utawa majemuk.
Pasrah calon penganten ing acara midodareni wektune beda karo wektu
panggih, mula tetep kudu diadani, dene pasrah calon penganten ing acara ijab
lan acara panggih biasane ana ing wektu kang padha. Ijab kobul adakane
diterusake acara panggih, utawa yen arep diadani ing sadurunge panggih, becike
ora susah dipasrahake sadurunge ijab kabul. Kaya mangkono iku mung kanggo
ngringkes wektu bae, nanging yen arep dileksanakake loro-lorone ya ora apa-apa.
Cengkorongan sesorah pasrah penganten utawa nampa pasrah penganten ing
upacara adat Jawa, lumrahe kaya kasebut ing ngisor iki.
1.
Salam pambuka
2.
Pakurmatan
3.
Puji syukur marang
Gusti Allah
4.
Nepungake dhiri kang
sesorah
5.
Atur salam
taklim/kawilujengan rombongan pengiring calon manten
6.
Wigatining sedya,
yaiku masrahake calon penganten lanang saubarampene
7.
Pamuji utawa
pangarep-arep
8.
Panyuwunan pangapura
tumrap kaluwarga calon penganten lanang
9.
Panyuwunan pamit (yen
mengkone ora ana acara pamitan)
10.
Panutup (panyuwunwn
pangapura tumrap kang sesorah: masrahake/ nampa)
11.
Salam panutup.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar