Micara
Ngandharake/nindakake sesorah
pasrah panampi ing pahargyan dhauping temanten Jawa.
Sawijining acara kang
diarani tanggap wacana sajroning pahargyan manten yaiku atur pasrah lan panampi
pasrah temanten. Pasrah temanten kakung katindaaken dening kluwarga besan, dene
panampi pasrah dening ingkang hamengku gati/ sing duwe gawe.
Tuladhane pasrah lan
panampi:
Besan
: Bp./Ibu Sardjono
Ingkang hamengku
gati : Bp./Ibu Sarjito
Temanten
kakung
: Bagus Sudibyo, ST
Temanten
putri
: Rr. Salindri, SE
Ingkang
pasrah
: Daryatmo
Ingkang nampi
pasrah ; Bp. Sadono
Wiwahan
: dinten Minggu, 11 Desember 2012
Tuladha Pasrah
Nuwun,
Katur
dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah dados
wakilipun Bp. Sarjito sekalian. Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih
sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur
wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge
kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken raos
suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit
saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih
kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Bapak
Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa
panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan
mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging
sedya saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken temanten kakung pun
Bagus Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem
ing Kuripan Purwodadi ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2012 badhe
kadaupaken kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito
sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika temanten kakung pun bagus
Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah
kalaksananing sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah
manggiya wilujeng.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami
Nuwun
matur nuwun.
Tuladha Nampi Pasrah Temanten
Nuwun /kula nuwun,
Katur
dhumateng Bp. Daryatmo ingkang kinormatan. Kula ing mriki minangka sulih
sariranipun Bp. Sarjito sekaliyan, titiwanci punika mundhi dhawuhipun kinen
nampi saha hananggapi menggah rawuh panjenengan.
Ingkang
punika langkung rumiyin kula munjukaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng
ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene hawit saking paringipun berkah
lan pangayomanipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing mriki kanthi
wilujeng.
Dene
punapa ingkang dados wigatinipun, ing ngejeng sampun panjenengan dhawuhaken,
wiwit purwa ngantos wasana kados mboten kirang trewaca malih menggah panampi
kula, inggih punika salam taklim saking Bapak Sarjono sekaliyan sampun kula
tampi lan badhe kula aturaken dhumateng Bapak Sarjito sekaliyan, samanten ugi
Bapak Sarjito sekaliyan ngaturaken salam kawilujengan mugi katur Bapak Sadjono
sekaliyan, salajengipun pasrah panjenengan temanten kakung pun Bagus Sudibyo, ST,
kula tampi kanthi suka bingahing manah, lan enggal badhe kapanggihaken kaliyan
Rr. Salindri, SE putra putirinipun Bapak Sarjito sekaliyan. Dhumateng Bapak
Daryatmo sapangombyong, sasampunipun dhauping temanten ing mangke kula suwun
lenggah ngestreni saha hanjenengi wiwahan punika ngantos paripurna.
Semanten
atur panampi kula, manawi wonten galap gangsuling atur mugi keparenga paring
pangapura.
Matur
nuwun.
Negesi
tembung
NO
|
TEMBUNG
|
TEGES
|
PILIHAN
|
|
1
|
Sulih sarira
|
........................................
|
Terlaksana
keinginan
|
|
2
|
Wigatining sowan
|
........................................
|
Perlindhungan
|
|
3
|
Nglarapaken
|
........................................
|
Ngemban
tugas
|
|
4
|
Jejibahan
|
........................................
|
Kasil/kalakon
|
|
5
|
Kaleksananing sedya
|
........................................
|
Terserah
|
|
6
|
Mundhi dhawuh
|
........................................
|
Anak
|
|
7
|
Nampi
|
........................................
|
Pentinge
mara
|
|
8
|
Pengayoman
|
........................................
|
Wakil
|
|
9
|
Kasembadan
|
........................................
|
Omahe
|
|
10
|
Borong
|
........................................
|
Tugas
|
|
11
|
Atmaja
|
........................................
|
Kurang
genep
|
|
12
|
Pidalem
|
........................................
|
Sopan
|
|
13
|
Kapasrahaken
|
........................................
|
Ngeterke
|
|
14
|
Wasana
|
........................................
|
Seneng
|
|
15
|
Tunadungkap
|
........................................
|
Ati
seneng
|
|
16
|
Trapsila
|
........................................
|
nunggoni
|
|
17
|
Sapangombyong
|
........................................
|
Pungkasane
|
|
18
|
Suka
|
........................................
|
Nampa
|
|
19
|
Bingahing manah
|
........................................
|
Sapangiring/rombongan
|
|
20
|
Ngestreni
|
........................................
|
Dipasrahke
|
Gladhen
1. Paragakna tuladha kasebut kanthi luwes
gilir gumanti.
2. Wenehana panyaruwe kaendahan utawa
kang kurang pas.
3. Wenehana tuladha sing luwih sampurna
sauwise ngerteni kurange.
C. Kawruh Budaya
Urut-urutaning adat pahargyan manten.
1. Penganten putri tumuju dhampar
temanten.
2. Penganten kakung tumuju madyaning
pawiwahan.
3. Pasrah-panampi.
4. Temanten panggih banjur lenggah.
5. Upacara adat:
- Timbangan
- Kacar kucur
- Dulangan
- Sungkeman
- Mbedhudhukan/ beksan, menawa mantu
mbarep, ragil, utawa tunggal.
6. Kirab temanten 1, lampahing temanten
tumuju panti busana ganti busana kasatriyan
7. Kirab temanten 2, lampahing temanten
saka panti busana tumuju dhampar temanten
8. Sabdatama/ ular-ular/ khotbah temanten
9. Poto-poto
10. Temanten
mapan ing gapura pawiwahan pratandha pawiwahan purna
Tidak ada komentar:
Posting Komentar