Selasa, 03 Juni 2025

Materi Bahasa Jawa Paramasastra

 

MATERI

PARAMASASTRA (UNGGAH UNGGUH BASA)

 

Dialog/Pacelathon yaiku wawan rembug kang katindakake dening sawenehe wong kang ngrembug babagan tinamtu. Wonten ing pacelathon, kedah gatekake unggah-ungguhing basa.

 

Werna-wernane Basa

·   BASA NGOKO

            Ngoko lugu yaiku unggah-ungguh basa Jawa sing tetembungane awujud ngoko lan netral (leksikon ngoko lan netral) tanpa ana campuran krama, krama inggil, utawa krama andhap. Undha usuk ngoko (ngoko lugu) lumrahe digunakake ana ing kahanan kaya mangkene:

(1)  Bocah karo bocah

Tuladha:

Bakri     : “Kowe mengko mangkat les jam pira Han?”

Hana      : “Jam telu.”

Bakri     : “Apa ora kesoren?”

Hana      : “Tak kira ora, lha wong acarane wiwit jam telu seprapat.”

 

(2)  Uwong tuwa marang bocah Tuladha:

Ibu        : “Ndhuk, tukokna gula neng warung!

Anak     : “Napa malih Bu?”

Ibu        : “Tambah glepung seprapat kilo.Iki dhuwite, jujule kanggo kowe      .” Anak: “Nggih Bu, matur nuwun.”

 

             Pacelathon uwong tuwa marang anak ing dhuwur kuwi, ibu nganggo ragam ngoko lan anak nganggo krama inggil. minangka ibu nganggo ragam ngoko amarga umur sing luwih tuwa. Manawa anak kudu nganggo ragam krama inggil amarga umur sing luwih enom lan kudu ngurmati mitra wicarane yaiku wong tuwane.

 

(3)  Mbatin (ngomong karo awake dhewe)

  Tuladha:

Hawane panas ngene iki enake ngombe es dhawet. Aja dhing mengko malah dadi watuk.

 

Tuladha sing pungkasan rada beda, amarga pamicara ngomong dhewe utawa bisa kasebut mbatin. Ing sasuwene mbatin pamicara nganggo ragam ngoko, amarga ngomong

 

·   BASA NGOKO ALUS

           Ngoko alus minangka ragam basa kang tembunge campuran antarane ngoko lugu lan basa krama. Basa krama kang dienggo ing ragam basa iki manggon ing tumindake.

Tuladha Panganggone basa ngoko alus yaiku kanggo guneman ing kahanan mangkene :

a.     Micara Marang Uwong sing Statuse Padha

        Pak Narya lan Bu Dian minangka kanca kantor sing srawunge rumaket ananging kanggo atur pakurmatan siji lan sijine nggunakake basa ngoko alus.


Pak Narya :“Bu, njenengan ngasta payung?”

Bu Dian         :“Ana neng cedhak meja.”

Pak Narya :“Manawa ngono, dakampil sedhela wae ya.”

Bu Dian    :    “Iya,njenengan asta wae ora apa-apa.”

Pak Narya :“Lha njenengan mengko kejawahan?”

Bu Dian    :    “Ora, aku ana serepe.

Pak Narya :    “Matur nuwun bu”

 

b.   Ngrasani utawa Ngomongake Liyan sing Statuse Luwih Dhuwur

Ani karo Tutik lagi ngomongake Ibune sing dinas menyang luar kota.

Ani                 : “Kira-kira Ibu kondur dina apa ya Tik?”

Tutik              :“Ngendikane Ibu wingi, arep kondur mbesuk Setu Mbak.”

Ani                : “Ngasta oleh-oleh apa ya?”

Tutik              : “Menawa Kebumen padatane lanting, Mbak.”

  Ani                 : “Oo iya, Ibu rak kagungan lengganan bakul  lanting sacedhake Tugu Lawet.

 

BASA KRAMA LUGU

 

       Basa krama lugu uga disebut basa krama (tanpa tembung lugu). panganggone basa krama iku tumrap wong loro utawa luwih sing jejer kalenggahan kurang luwih padha, kalorone ajen-ingajenan, ora patia urmat banget. Pacelathon ing ngisor iki tuladhane basa kramantara kang diowahi dadi basa krama (kapethik saka Karti Basa dening Harjawijana lan Supriya, 2009: 78-79).

Tuladha:

Roni lan Ratna          :“Assalamualaikum.”

Pak Lurah                  :“Waalaikumsalam. Mangga-mangga mlebet.”

Roni                          :“Tepangaken nama kula Roni, menika kanca kula.”

Ratna                         :“Nama kula Ratna.”

Pak Lurah                  :“Njih Mas Mbak, kepripun? Apa sing bisa dak bantu?”

Ratna                         :“Mekaten Pak, kula saking RW 2. Kula kekalih badhe ngampil sinjang kangge lomba Kartini. Kados pundi Pak?”

Pak Lurah                  : “Oh iya. Nanging saiki jarike ora nang ngomah.”

Roni                          :“Inggih Pak, boten menapa. Lha saged kula pendhet kapan?”

Pak Lurah                  :“Dina Jumat ya.”

Ratna                         :“Inggih Pak, maturnuwun.”

 

 

 

 

KRAMA ALUS

Kaya sing disebutake ing pokok-pokok materi ing dhuwur iku, menawa basa Jawa krama alus iku digunakake dening (a) anak marang wong tuwa, (b) murid marang gurune, (c)kenalan anyar, (d) wong liya kang luwih tuwa utawa dihurmati, lan (e) kanggo micara (pidhato) ing pahargyan utawa ing pasamuwan-pasamuwan, (f) pangarsa (pimpinan) marang andhahan, lan (g) donga. Dene andharane kanthi ringkes sarta tuladhane mangkene.

a.         Anak marang wong tuwane

Wis samesthine anak/putra iku nalika matur marang wong tuwane becike nggunakake basa Jawa krama alus kanggo ngurmati bapak utawa ibune. Satemene mono panganggone basa Jawa krama alus ora mung kanggo anak marang wong tuwane, nanging bisa uga kanggo putu marang eyange, ponakan marang pakdhe/budhene utawa paklik/bulike. Tuladha panganggone basa Jawa krama alus sing digunakake dening anak marang wong tuwane.

Dana              : “Bapak, kalawau dalu sare  tabuh  pinten,  ta?  Kok  kadingaren  ngantos tabuh gangsal nembe wungu.”

Bapak              : “Jam 02.00. Lha wong ngrungokake wayang neng RRI, lakone kok apik temen. Lha kowe turu jam pira?”

Dana             : “Menawi kula tilem tabuh 11.00 dalu, bakda ningali bal-balan ana RCTI. Ngendikanipun Ibu, Bapak badhe tindak dhateng Surabaya, menapa saestu?”

Bapak            : “Ya, bener. Apa arep ndherek?”

Dana              : “Boten. Kula badhe kesah piyambak dhateng Rawa Pening kaliyan kanca-kanca.”

Bapak            :   “Lha wis nyuwun sangu ibumu durung?”

Dana              : “Sampun, malah diparingi sangu Eyang iki.”

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 MATERI SESORAH     Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapak...