Minggu, 29 Maret 2020

Teks Eksposisi Seni Pertunjukkan Jawa


Mata Pelajaran               : Bahasa Jawa
Kelas/Semester               : XI/Genap
MateriPokok                  : Teks Eksposisi Seni Pertunjukkan Jawa



WACAN EKSPOSISI
Wacan eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.
Ciri-ciri wacan eksposisi :
·         Arupa wacan informasi
·         Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan
·         Wasananing wacan ana penjelasan
Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kadadeyan utawa bab.
Jenis Wacan eksposisi :
1.      Wacan sing nuduhake proses
2.      Wacan sing nuduhake tuladha
3.      Wacan sing nuduhake sebab akibat
Carane nulis wacan eksposisi:
1.      Nemtokake underaning perkara (tema)
2.      Nemtokake tujuan
3.      Ngumpulake data saka maneka sumber
4.      Nyusun cengkrongan (kerangka) sing cocog karo underan sing dipilih
5.      Ngrembakakake (mengembangkan) cengkrongan dadi paragraf eksposisi

STRUKTUR TEKS EKSPOSISI
I.            Tesis Atau Pernyataan Pendapat
Tesis adalah suatu bagian yang mempunyai isi berupa sudut pandang dari penulis terhadap setiap masalah yang akan dibahas topiknya.
Sebuah tesis pasti berdasarkan dari suatu bentuk pernyataan yang nantinya akan diperkuat dengan sebuah argumen.Bagian ini sangatlah penting untuk menyusun contoh teks eksposisi dan biasanya muncul di awal teks eksposisi walaupun ada kemungkinan kita bisa menjumpainya di bagian akhir.
II.            Argumentasi
Argumentasi adalah suatu bentuk alasan atau bukti yang digunakan dalam mengokohkan atau memperkuat pendapat dalam sebuah tesis, walaupun pada prakteknya argumentasi dapat digunakan untuk menyanggah bahkan menolak sebuah pernyataan.
Argumentasi dapat berupa pernyataan umum atau berupa data dari hasil penelitian para ahli yang sumbernya dapat dipercaya.
III.            Penegasan Ulang Pendapat
Bagian ini merupakan sebuah kesimpulan yang menegaskan kembali dari tesis yang dibicarakan di awal teks eksposisi dan penguat argumentasi yang ditunjang oleh fakta.
JENIS-JENIS SENI PERTUNJUKAN JAWA TENGAH
o   Kethoprak
o   Wayang kulit
o   Wayang Wong
o   Lsp

TUGAS :
1.      Terangna apa wae struktur ing teks eksposisi?
2.      Aranana 5 seni pertunjukkan jawa kang kongerteni!

Wacan ing ngisor iki kanggo soal no 3-4
Ngurip–urip Kesenian Kethoprak

Kethoprak salah satungiling jinis pagelaran ingkang asalipun saking Jawa. Ing salebetipun pagelaran kethoprak, sandiwara kayata sarana tembang wirama gangsa. Cariyos ingkang dipunbabar ing salebetipun pagelaran kethoprak menika manekawarna. Wonten ingkang saking sejarah Jawa, lagenda, kepara saking manca nagri umpamiya pesisiran utawi (Mesir/Bagdad). Cariyos boten saking wiracarita Ramayana lan Mahabharata amargi kethoprak benten kaliyan ringgit tiyang.
Sawetara warsa kapungkur kethoprak asring kababar ing TV. Wonten ingkang klasik inggih punika arupi pagelaran kethoprak ing panggung/tobong saha ginakaken tonil/ geberingkang winates. Wonten ugi kethoprak sayembara, arupi kethoprak ingkang dipunlampahi ing alam kanyatan kados ing wana lan ing lepen lajeng dipun rekam kagiyaraken ing TV, bakunipun ing njaban gedung. Becike malih saben episode mesthi dipunpungkasi kanthi sayembara hadiah. Wonten ugi kethoprak humor ingkang cariyosipun dipunbumboni kaliyan guyon repat (dhagelan).
Sawetara sumber nyebataken bilih kesenian kethoprak antuk panggenan ingkang mirunggan ing masyarakat Jawa, mliginipun para among tani lan masyarakat limrah.  Amargi ing salebetipun kethoprak kababar  seni sandiwara, musik saha sastra kanthi sesarengan. Kesenian kethoprak ngrembaka ing Jogja lan Jawa Tengah, sarta saperangan daerah Jawa Timur. Saperangan lakon kethoprak ingkang kondhang inggih punika Arya Penangsang, Warok Suramenggala, Damar Wulan, Andhe-Andhe Lumut, Angkling Darma, Rara Mendut Prana Citra, lan sapiturute. Nanging kalamangsa ngangkat saking jawining tlatah Jawi kados Sampek Impey.
Sanajan ngemot budaya jawa jumbuh kalawan majenging jaman kethoprak sampun dipunkiwakaken dening masyarakat, mliginipun para mudha sampun boten dunung  marang kesenian kethoprak punika menapa malih nglakoni…


3.      Golekana tegese kagunan basa tembung kang kacetak kandel kang ana ing wacan ngisor nduwur!
4.      Sebutna nilai-nilai luhur kang bias kajupuk saka teks wacan mau!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 MATERI SESORAH     Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapak...