Materi Kelas X semester genap
bab Panatacara
Pangertene Panatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka panatacara pambywara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean gehde dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan).
2. Perangan teks panatacara
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:
a. Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
b. Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad
c. Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
d. Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
e. Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
f. Salam penutup.
3. Unsur-unsur panatacara
Sarat Panatacara
Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:
a. Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
b. Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
c. Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
d. Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.
e. Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
f. Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa
g. Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman
4. Teknik maca panatacara
Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.
1) Nggunakake pangucap kang trep
2) Pamedhote ukara kang trep
3) Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4) Ngreteni tandha wacan kanthi trep
5) Swara kang cetha
6) Ngatur alon lan cepete pamaca
7) Ngolah treping mlebu wetuning napas
8) Mahami wacan
9) Percaya marang dhiri pribadi
5. Tuladha teks panatacara
PAHARGYAN PENGANTEN
Ass. Wr. Wb
Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.
Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkat dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.
Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.
Dene wigatosing sedya, Bapak…….sekaliyan kersa mahargya putra penganten sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha nakmas…………, putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..
Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..
Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.
a. Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.
b. Adicara ingkang kaping kalih, inggih menika atur pambagya saking keluwarga.
c. Ndhungkap adicara ingkang kaping tiga inggih menika paring sabda saking keluwarga penganten kakung.
d. Kalajengaken adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.
e. Tataran adicara ingkang kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.
f. Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, minangka pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para rawuh ingkang ngrasuk agama sanes, kula sumanggakaken miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.
Tugas 1
LEMBAR KERJA SISWA
I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1. Hamedhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….
a. wara-wara d. pranatacara
b. pambagyaharja e. dhagelan
c. pasrah
2. Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan :
Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.
Para tamu kakung putrid ingkang winantu ing pakurmatan.
Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….
a. pambuka
b. surasa
c. basa
d. panutup
e. ringkesan
3. Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….
a. penganten putri d. panata cara
b. penganten lanang e. pambyawara
c. sesulih kang duwe gawe
4. Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….
a. salam pambuka d. panutup
b. pambuka e. salam panutup
c. surasa
5. Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ….
a. salam pambuka c. surasa e. salam panutup
b. pambuka d. panutup
Tugas 2
II. Tindakna dhawuh iki!
1. Gaweya tuladha panatacara acara pahargyan perpisahan sekolah!
~~~~~~~~matur Nuwun Sugeng Makarya~~~~
Tidak ada komentar:
Posting Komentar