Minggu, 29 Maret 2020

Teks Eksposisi Seni Pertunjukkan Jawa


Mata Pelajaran               : Bahasa Jawa
Kelas/Semester               : XI/Genap
MateriPokok                  : Teks Eksposisi Seni Pertunjukkan Jawa



WACAN EKSPOSISI
Wacan eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.
Ciri-ciri wacan eksposisi :
·         Arupa wacan informasi
·         Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan
·         Wasananing wacan ana penjelasan
Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kadadeyan utawa bab.
Jenis Wacan eksposisi :
1.      Wacan sing nuduhake proses
2.      Wacan sing nuduhake tuladha
3.      Wacan sing nuduhake sebab akibat
Carane nulis wacan eksposisi:
1.      Nemtokake underaning perkara (tema)
2.      Nemtokake tujuan
3.      Ngumpulake data saka maneka sumber
4.      Nyusun cengkrongan (kerangka) sing cocog karo underan sing dipilih
5.      Ngrembakakake (mengembangkan) cengkrongan dadi paragraf eksposisi

STRUKTUR TEKS EKSPOSISI
I.            Tesis Atau Pernyataan Pendapat
Tesis adalah suatu bagian yang mempunyai isi berupa sudut pandang dari penulis terhadap setiap masalah yang akan dibahas topiknya.
Sebuah tesis pasti berdasarkan dari suatu bentuk pernyataan yang nantinya akan diperkuat dengan sebuah argumen.Bagian ini sangatlah penting untuk menyusun contoh teks eksposisi dan biasanya muncul di awal teks eksposisi walaupun ada kemungkinan kita bisa menjumpainya di bagian akhir.
II.            Argumentasi
Argumentasi adalah suatu bentuk alasan atau bukti yang digunakan dalam mengokohkan atau memperkuat pendapat dalam sebuah tesis, walaupun pada prakteknya argumentasi dapat digunakan untuk menyanggah bahkan menolak sebuah pernyataan.
Argumentasi dapat berupa pernyataan umum atau berupa data dari hasil penelitian para ahli yang sumbernya dapat dipercaya.
III.            Penegasan Ulang Pendapat
Bagian ini merupakan sebuah kesimpulan yang menegaskan kembali dari tesis yang dibicarakan di awal teks eksposisi dan penguat argumentasi yang ditunjang oleh fakta.
JENIS-JENIS SENI PERTUNJUKAN JAWA TENGAH
o   Kethoprak
o   Wayang kulit
o   Wayang Wong
o   Lsp

TUGAS :
1.      Terangna apa wae struktur ing teks eksposisi?
2.      Aranana 5 seni pertunjukkan jawa kang kongerteni!

Wacan ing ngisor iki kanggo soal no 3-4
Ngurip–urip Kesenian Kethoprak

Kethoprak salah satungiling jinis pagelaran ingkang asalipun saking Jawa. Ing salebetipun pagelaran kethoprak, sandiwara kayata sarana tembang wirama gangsa. Cariyos ingkang dipunbabar ing salebetipun pagelaran kethoprak menika manekawarna. Wonten ingkang saking sejarah Jawa, lagenda, kepara saking manca nagri umpamiya pesisiran utawi (Mesir/Bagdad). Cariyos boten saking wiracarita Ramayana lan Mahabharata amargi kethoprak benten kaliyan ringgit tiyang.
Sawetara warsa kapungkur kethoprak asring kababar ing TV. Wonten ingkang klasik inggih punika arupi pagelaran kethoprak ing panggung/tobong saha ginakaken tonil/ geberingkang winates. Wonten ugi kethoprak sayembara, arupi kethoprak ingkang dipunlampahi ing alam kanyatan kados ing wana lan ing lepen lajeng dipun rekam kagiyaraken ing TV, bakunipun ing njaban gedung. Becike malih saben episode mesthi dipunpungkasi kanthi sayembara hadiah. Wonten ugi kethoprak humor ingkang cariyosipun dipunbumboni kaliyan guyon repat (dhagelan).
Sawetara sumber nyebataken bilih kesenian kethoprak antuk panggenan ingkang mirunggan ing masyarakat Jawa, mliginipun para among tani lan masyarakat limrah.  Amargi ing salebetipun kethoprak kababar  seni sandiwara, musik saha sastra kanthi sesarengan. Kesenian kethoprak ngrembaka ing Jogja lan Jawa Tengah, sarta saperangan daerah Jawa Timur. Saperangan lakon kethoprak ingkang kondhang inggih punika Arya Penangsang, Warok Suramenggala, Damar Wulan, Andhe-Andhe Lumut, Angkling Darma, Rara Mendut Prana Citra, lan sapiturute. Nanging kalamangsa ngangkat saking jawining tlatah Jawi kados Sampek Impey.
Sanajan ngemot budaya jawa jumbuh kalawan majenging jaman kethoprak sampun dipunkiwakaken dening masyarakat, mliginipun para mudha sampun boten dunung  marang kesenian kethoprak punika menapa malih nglakoni…


3.      Golekana tegese kagunan basa tembung kang kacetak kandel kang ana ing wacan ngisor nduwur!
4.      Sebutna nilai-nilai luhur kang bias kajupuk saka teks wacan mau!

Selasa, 17 Maret 2020

TUGAS SENI BUDAYA 2

TUGAS SENI BUDAYA 2
MATERI SENI TARI

Jawablah pertanyaan berikut pada kolom komentar!

1. Jelaskan unsur pendukung dalam seni tari!
2. Jelaskan jenis tari berdasarkan genre/alirannya!
3. Jelaskan perbedaan tari tradisional dan tari non tradisional!
4. Jelaskan fungsi seni tari!
5. Amatilah contoh tari berikut ini!
    Pilih salah satu dari contoh video tari tersebut kemudian analisislah tarian tersebut menurut pendapat kalian sendiri tari tersebut berdasarkan :
    a. Jenis tariannya
    b. iringan musiknya
    c. costum penarinya
    d. Gerakan tarinya




Jawablah soal diatas pada kolom komentar dibawah tugas ini!

TUGAS SENI BUDAYA 1

TUGAS SENI BUDAYA 1
MATERI SENI TARI

1. Jelaskan unsur-unsur utama dalam seni tari!
2. Jelaskan jenis tari berdasarkan jumlah penarinya!
3. Jelaskan perbedaan tari kreasi baru dan tari kontemporer!
4. Jelaskan fungsi seni tari!
5. Amatilah contoh tari berikut ini!
    Pilih salah satu dari contoh video tari tersebut kemudian analisislah tarian tersebut menurut pendapat kalian sendiri tari tersebut berdasarkan :
    a. Jenis tariannya
    b. iringan musiknya
    c. costum penarinya
    d. Gerakan tarinya
                                              






Jawablah soal diatas pada kolom komentar dibawah tugas ini!

Minggu, 15 Maret 2020

AKSARA JAWA PADA KELAS XII GENAP



Materi Ajar lan Tugas Kelas XII Semester 2

PADA LAN TETENGER LIYA-LIYANE

1.        Pada lan tetenger liya-liyane kang kanggo ing sastra Jawa, wujude lan jenenge kaya kang kacetha ing ngisor iki :
a.                 , pfli=s. Pada lingsa
b.                 . pflu=si. Pada lungsi
c.                 ; pfp=kt\, Pada pangkat
2.        Gunane pada lan tetenger liya-liyane mangkene :
a.       Pada lingsa, gunane dienggo misah gatraning gatraning ukara. Yen ing wekasane gatra kang pancene kudu mawa pada lingsa wis ana pangkon, pangkon iku dadi lelirune pada lingsa. Tuladhane :
?[w=oauripHikukufugemi,nsTitilnZtiati.
Wong urip iku kudu gemi, nastiti lan ngati-ati.
?ajfh[wn\munD[kHork[jn\
Aja dahwen, mundhak ora kajen.

b.      Pada lungsi, kanggone ana ing wekasaning ukara, dadi dienggo misah ukara. Manawa ing wekasane ukara ana pangkon, dadine pada lungsi mung kari muwuhi pada lingsa utawa pada siji. Tuladhane :
?c=k]imM[nN%]buw#ugunu=mr=*qrwis®|m=[k[n;pn[sSHpk=zu=kulLipn[sSgeni.a[khaenFi[w=oln=k[ro[w=ow[fon\,
?pmBt=[z*qrwis®|;pnsSi=atik=zu=kulLipnsSi=geni.mesQiluwiha[kh[w=ow[fon\,sbb\snjnW|ju[fFln=,mnw[aorwniberjuang kufufia=gepW[fon\,
Cangkrimane Prabu Watugunung marang Bathara Wisnu mengakene : “Panase apa
kang ngungkuli panasing geni?. Akeh endi wong lanang karo wong wadon?”.
Pambatange Bathara Wisnu : “Panasing ati kang ngungkuli panasing geni. Mesthi
luwih akeh wong wadon. Sabab, sanajan wujude lanang, manawa ora wani
“berjuang” kudu dianggep wadon.”




c.       Pada pangkat, gunane werna-werna, kayata :
a.    Kanggo ngapit-apit angka Jawa
b.    Kanggo ngelet-eleti kandhane pangripta karo tembung / ukara kang ditirokake dening pangripta, kayata :
?mr=wi*isn,f$mukm][tlkH[km=[k[n;gbusBklÑ|meXm\wtuaitemÑ|mmB=,mnwai=sunZnTik[s/ornÓ|mwnSirm.
Marang Wibisana, Dasamuka mratelakake mangkene: “gabus bakal kumelem,
watu item kumambang, manawa ingsun nganti kasoran lumawan si Rama”

c.    Ing saburine tembung “yaiku” utawa “kayata”, manawa sawise tembung iku banjur mratelakake bab utawa barang luwih saka loro. Tuladhane :
?%nDwcch[a;5,yaiku;yudiSQir,*im,A/ju!,!kulln°[fw.
Pandhawa cacahe 5, yaiku : Yudhisthira, Bhima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa.

?g/w[nA/ju!a[kh,kyt;[fwi$umBf],[fwi$i]knDi,[fwiUlu%ilnLiyliy[n.
Garwane Arjuna akeh , kayata : Dewi Sumbadra, Dewi Srikandhi, Dewi Ulupi lanliya-liyane.

d.   Ing saburine tembung “mangkene”, kayata :
?[ay=znFikm=[k[n;auldaulumu/kbzet\[ynMznSrnc=kemLnF|bu/[r,aikupipinD[nNpr[kox[pT/o.
Eyang ngendika mangkene:”Ula dhahulu murka banget, yen mangan sarana cangkem lan dubure, iku pepindhane para koreptor

e.    Kanggo ngelet-eleti tembung utawa bab karo katrangane , supaya gampangdingerteni dingreteni maksude. Tuladhane :
?ngripunFik=kEkAfifspu/w.Ekmr=swiji,Afi;linuwih,fs;spuluh,pu/w;wiwtTn\,
Nagari pundi kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi : linuwih, dasa : sapuluh, purwa : wiwitan
.
f.     Ing wekasaning gatraning tembang, Manawa tembung ing wiwitaning gatra candhake, pancene (mathuke) kudu dumunung ana ing wekasaning gatra iku. Tuladhane pada pangkat kang dumunung ing wekasane gatra kaping VIII ing tembang Sinom ing ngisor iki :
¦waut$]i!rnt,mi[yosSiniw[k=fsih,aX=ghdmP/kevCn,pintikHi=[so[sot-fi,pepkH[nD/k=n=kil\sfyamrikelu,k=mu=giW=b-nT[rnF`,put]p[zrnFipti;a[nomRf-[n°omBllvC|/ri=p]j¦
(Serat Abimanyu Kerem – M. Soekir)
Wau ta Sri Naranata, miyos siniwakeng dasih, alenggah dhampar kencana, pinatik ing sesotyadi, pepak andher kang nangkil, sadaya amarikelu, kang munggwing byantarendra, putra Pangeran Dipati : anom Radyan Samba lelancuring praja.



Tugas 1

Soal
1.     Jlentrehna jenis-jenising aksara Jawa pada!
2.     Jlentrehna kagunan aksara pada pangkat !


Tugas 2

Leresna seratan aksara jawa ing ngandhap punika jumbuh kaliyan pada(tanda baca pada) kang leres!


?anai=A[mrikp[kDtau[mhkepLinDesHi=[t]mLisTi~k\,nliksmn[m=osadem\flnFlnPdluvujl/rnKtutupPnHi=[as\, an[t]mMnDegHxpFiliwtTizx[pP.[rh[nwisHxpM=ktFfip[kDme
[vCo[lotB[a,jebulKe[pL[sfTib.tuju[nmsini[sSweruh,ffize
[nTnNitzi[nsi=tib.[w=o[w=opda=guyu.ai=bti[nN[bokMenw: aikimesQi[nfufu[w=okuq.
?p[kDanai=A[mrik[armWeruh[aomhsi=duwu/duwu/,ansi=su=sunPt=puluhbr=.kan[nNai=kna[khsi=[s[jk[rongrw[lonF.
p[kDtaunu=g=sepu/si=metuai=zi[s/o[rsgr.nliksmnj[r[nwulu[nrfm]inFi=,[w=oy[aortau
?anai=A[mrikp[kDtau[mhkepLinDesHi=[t]mLisTi~k\,nliksmn[m=osadem\flnFlnPdluvujl/rnKtutupPnHi=[as\, an[t]mMnDegHxpFiliwtTizx[pP.[rh[nwisHxpM=ktFfip[kDme
[vCo[lotB[a,jebulKe[pL[sfTib.tuju[nmsini[sSweruh,ffize
[nTnNitzi[nsi=tib.[w=o[w=opda=guyu.ai=bti[nN[bokMenw: aikimesQi[nfufu[w=okuq.
?p[kDanai=A[mrik[armWeruh[aomhsi=duwu/duwu/,ansi=su=sunPt=puluhbr=.kan[nNai=kna[khsi=[s[jk[rongrw[lonF.
p[kDtaunu=g=sepu/si=metuai=zi[s/o[rsgr.nliksmnj[r[nwulu[nrfm]inFi=,[w=oy[aortau




Tugas 3

Paragraf ing ngandhap punika seraten migunakaken aksara jawa kanthi pada, kang trep!
Nyervis karbulator motor
Dipunwiwiti saking nyiapake piranti kangge bika karbulator punika,yaiku obeng lan kunci-kunci. Posisike motor kanthi ngadeg jejeg, supados anggene bika karbulatore punika langkung gampil. Copot piranti ingkang ngaling-alingi karbulator (tebeng), lajeng copot karbulator saking papane.
Bika mangkokane karbulator lan tingali punapa wonten reregedan punapa boten, menawi wonten reregedan, resiki nganggo kuas lan bensin. Saklajenge bika pelampung karbulator.Gatekake jarum ventilator ing ngandhap pelampung. Pilot jet lan main jet, resiki pilot jet migunakake angin kompresor utawi dipunsebul ingkang banter.
Pastike bolongan pilot jet lan main jet boten kasumpel reregedan. Bika setelan angin ingkang wonten ing sisih awake karbulator, nanging kedah dipunelingi bageyan punika wonten per lan ring alit dados kedah ati-ati lan ampun keliru kaliyan setelan stasioner.
Panggonan setelan stasioner searah kaliyan skep karbulator, menawi setelan angin biasane wonten ing ngajeng utawi wingking karbulator. Resiki sedaya bolongan ingkang wonten ing karbulator ngangge bensin lajeng dipunsemprot angin karbulator utawi dipunsebul kanthi banter.
Menawi sedaya sampun resik, rakit malih bageyan karbulator kalawau. Pasang malih karbulator wonten ing papane, stater motor kangge nyetel karbulator. pungkasan lajeng setel angin karbulator supados stasioner.




 Kempalaken tugas 1, 2 lan 3 mawi email : finnaningrum@gmail.com / WA bu finna
 --------Sugeng Makarya-----
































 






TUGAS BAB PANATACARA KELAS X GENAP

Materi Kelas X semester genap

bab Panatacara

Pangertene Panatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka panatacara pambywara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean gehde dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing  acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan).
2.    Perangan teks panatacara
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe  ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:
a.    Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
b.    Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad
c.    Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
d.    Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
e.    Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
f.     Salam penutup.

3.    Unsur-unsur panatacara
Sarat Panatacara
Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:
a.    Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
b.    Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
c.    Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
d.    Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.
e.    Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
f.     Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa
g.    Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman

4.    Teknik maca panatacara
Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.
1)    Nggunakake pangucap kang trep
2)    Pamedhote ukara kang trep
3)    Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4)    Ngreteni tandha wacan kanthi trep
5)    Swara kang cetha
6)    Ngatur alon lan cepete pamaca
7)    Ngolah treping mlebu wetuning napas
8)    Mahami wacan
9)    Percaya marang dhiri pribadi

5.    Tuladha teks panatacara
PAHARGYAN PENGANTEN
Ass. Wr. Wb
Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.
Nuwun, para sesepuh,  para  pinisepuh  ingkat  dahat  kinabekten.  Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.
Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.
Dene  wigatosing  sedya,  Bapak…….sekaliyan  kersa  mahargya  putra penganten sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha  nakmas…………, putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..
Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..
Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.
a.    Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.
b.    Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.
c.    Ndhungkap adicara  ingkang  kaping tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.
d.    Kalajengaken  adicara  ingkang  kaping  sekawan  inggih  menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.
e.    Tataran adicara ingkang kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.
f.     Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Para  rawuh  ingkang  dahat  kinurmatan,  minangka  pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para  rawuh  ingkang  ngrasuk  agama  sanes,  kula  sumanggakaken  miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.


Tugas 1
LEMBAR KERJA SISWA

I.      Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1.    Hamedhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….
a.    wara-wara             d. pranatacara
b.    pambagyaharja     e. dhagelan
c.    pasrah                  
2.    Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan : 
Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.
Para tamu kakung putrid ingkang winantu ing pakurmatan.
Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….
a.    pambuka
b.    surasa
c.    basa
d.    panutup
e.    ringkesan
3.    Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….
a.    penganten putri                             d. panata cara
b.    penganten lanang                         e. pambyawara
c.    sesulih kang duwe gawe

4.    Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….
a.    salam pambuka                            d. panutup
b.    pambuka                                       e. salam panutup
c.    surasa                              
5.    Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ….
a.    salam pambuka                c. surasa                     e. salam panutup
b.    pambuka                           d. panutup      

Tugas 2

II.    Tindakna dhawuh iki!
1.    Gaweya tuladha panatacara acara pahargyan perpisahan sekolah!

~~~~~~~~matur Nuwun   Sugeng Makarya~~~~



 MATERI SESORAH     Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapak...