NULIS GEGURITAN
Mata Pelajaran
: Bahasa
Jawa
Kelas /
Semester : XI / I
Metode
: Latihan,
tanya jawab, ceramah, diskusi
Waktu
: 2 x 45 Menit
================================================================
I.
PANUDUH PIWULANG
- Supaya
paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca
babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
- Uga
maca Materi Bab GEGURITAN LAN MACAPAT
- Kanggo
ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
- Saben
langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
- Tugas
dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
- Diskusikake
lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.
KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar
Kompetensi :
4. MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran,
pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun
sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan
menulis dengan huruf Jawa.
5. BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran,
pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan
menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa
Kompetensi
Dasar
:
4.2 Nulis geguritan
5.3 Membahas atau
mendiskusikan isi geguritan
Indikator
:
- Menentukan
topik geguritan yang akan ditulisnya
- Membuat
geguritan dari topik yang telah ditentukan sesuai dengan suaasana dan
diksi
- Menyunting
geguritan yang ditulis teman
- Membacakan
geguritan yang ditulis sendiri dengan lafal dan intonasi yang tepat
- Mendiskusikan
struktur batin geguritan (tema, gaya bahasa, nada, rasa, suasana)
- mendiskusikan
struktur lahir puisi
- Melaporkan
hasil diskusi yang telah dilakukan
- Memberikan
tanggapan pelaporan diskusi yang dibawakan oleh perwakilan kelompok lain
III.
INFORMASI MATERI
A. GEGURITAN
Puisi Jawa sing biasa diarani
geguritan kaperang dadi loro yaiku :
1. Puisi Jawa
Tradisional, sing umume arupa tembang.
Puisi iki ditembangake miturut
lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa
Tradisional ora bisa dipisahake kalawan tembang.
Puisi tradhisional kang awujud
tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe :
a)
Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat
yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom,
lan Dandhanggula.
b) Puisi tembang tengahan
(tembang dhagelan)
Sing kalebu ana tembang tengahan
yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c) Puisi tembang gedhe (kawi)
Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa
- Puisi
Jawa Modern diarani geguritan.
Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi
jawa sing isih anyar (antarane tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa
katampa bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono. Luwih-luwih golongan
kasepuhan. Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora dilebokake ana
sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan ana ing
kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar
Semangat (thukul pisanan September 1933 ing Surabaya), Jaya Baya
(September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit
tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing
Yogyakarta) lan sapanunggalane.
Paraperintis geguritan iki padha
berjuang amrih geguritan iki diakoni lan bisa mlebu ana pasinaonan kasusastran
Jawa. Asile, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba ngumpulake geguritan sing sumebar
ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang judhule Rerumpakan
(nyanyian). Ananging, naskah iki ana sajroning revolusi ilang. Semana uga
kumpulan geguritane dhewe kang mawa irah-irahan Geguritan uga ilang.
Para perintis geguritan liyane,
yaiku :R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto
Ampel, Purwadhi, lsp.
Saliyane geguritan ana puisi jawa
liyane kang arupa parikan lan singir. Parikan kuwi puisi jawa kang memper
lan duwe ciri-ciri kaya pantun. Dene singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya
nduweni ciri-ciri padha karo syair ana sajroning kasusastraan Indonesia.
Mula bukane ananing geguritan iki
dianggo nyindir / nyemoni kahanan urip bebrayan ana sajroning masyarakat.
Saliya kuwi uga ndhuweni unsur ndidik / mulang wuruk bab-bab tertemtu.
Ananging suwene-suwe geguritan iki nduweni teges puisi bebas. Bebas saka
iketaning tembang lan bebas nyritakake apa wae.
B. Unsur-Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur kang kinandhut ana
sajroning geguritan diarani unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab
kang kalebu unsur batin geguritan.
- Tema,
tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan
pokok kang dikarepake panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial, moral,
politik, agama, individu, lan sapiturute.
- Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung kang dianggo ana
sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake
rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu
rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng,
kangen, gumun, lan sapiturute.
- Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) sing
digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji,
nyemoni, utawa patrap liyane.
- Suasana
Tegese kahanane batin/jiwa pamaos
sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana
batin pamaos geguritan.
- Amanat
kang dumunung ana geguritan
Tegese bab kang pengen diwedharake
penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca
ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.
C. Struktur Lahir Geguritan
Kang sinebut struktur lahir
geguritan kuwi kahanan bab apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ana ing
tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab
kang kalebu struktur lahir geguritan.
- Pinilihing
tembung
Pinilihing tembung uga diarani
diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges
konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pinilihing
tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila.
- Majas
Majas utawa gaya bahasa
dening Prof. Teguh (dosen UNES) diarani lelewaning basa. Majas utawa
lelewaning basa iiki kanggo nambahi grengsenge geguritan.
- Rima
Rima utawa sajak utawa persamaan
bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
- tipografi
tipografi kuwi larik-larik
utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang
mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.
DONYA WIS LUNGSE
Rini T Puspohardini
Muyeg saemba pasar
Ala becik mapan digelar
Lamun luput nintingi
Ora mokal ati keplantrang
Kaya ngoyak playune ayang-ayang
Ndeder kang bisa dibayangake
Luwih ndeder kanyatane
Kekitrang
Kaya prau kelangan layar
Wuta wektu, wuta dunung
Lumaku tanpa papan katuju
Apa sejatine ngaurip
Yen ta sakeh daya
Prasasat nglari susuhe angin
Esuk sore lan wengi
Dadi liturgi kang dilakoni
Tanpa ati
Lan rasa ……….
Sansaya kangelan maca
tandha-tandha jaman
Segara wedhi
Sajake padha kelalen
Donya wis watara lungse
Kari ngenteni
Tancep kayone
Jaya Baya, Edisi 31/1 April 2006
Ana ing geguritan ndhuwur nyritakake
menawa kahanan donya kuwi wis tuwa kaya ana ing/ irah-irahane “Donya wis
lungse” lan ana padha pungkasan kang unine “Sajake padha kelalen, donya wis
watara lungse, kari ngenteni, tancap kayone.” Tegese (nganggo basa gancaran/bebas
sajake para manungsa padha kelalen , ndonyane wis tuwa/lungse, kari ngenteni
tamate/tancep kayon).
Kudune yen donyanewislungse / tuwa
kuwi saya nggenah lan becik sing ditindakake dening umat manungsa. Saya cetha
nglegewa tujuane wong urip. Nanging nyatane, ana malah akeh wong pawongan kang
bingung ngluri tujuane urip. Donya ora saya jenjem, nanging umyeg kaya pasar.
Dene struktur batin bisa diwedharake
kaya ing ngisor iki.
Tema
|
Rasa/pangrasa
|
Nada
|
Suasana
|
amanat
|
Moral
|
Medharake rasa sedhih lan bingung uga gumun nyawang
kahanane ndonya
|
Patraping penyair/panulis nyindir utawa nyemoni manungsa
kang saya ora nggenah
|
Kudune manungsa insyaf utawa sadhar
|
Aja ngumbar hawa nepsu
|
Struktur lahir geguritan ing ngisor
iki jangkepana!
Tembung kang Pinilih/diksi
|
Majas/ lelewaning tembung
|
Rima
|
Tipografi
|
Tembunge konotatif
Tuladha:
|
1.personifikasi:
Wuta wektu wuta dunung
2. _________________________
3. _______________________
|
Rima vertikal:
Muyeg saemba pasar
Ala becik mapan digelar
Rima horizontal:
————————————————————————————
|
Katata pada kang cacahe papat
|
Matur nuwon sanget mbak ! :-)
BalasHapussuwun mbak e bermanfaat bgt🥰🙏
BalasHapus