MATERI PEMBELAJARAN
- PITUTUR LUHUNG ING TANAH JAWA
Budaya jawa ngono ora mung moncer ing babagan
wujude sing akeh lan maneka warna (kayata: wayang, kethoprak, ludruk, sintren,
jinis-jinis tarian, gendhing-gendhing jawa lsp.). ananging uga kebak piwulangan
kang ngemu pitutur luhur. Utamane ana pawayangan.
Pitutur luhur kang kinandhut ana kabudayan kuwi
ing antaraning ing ngisor iki.
- Ambeg, adil paramarta, memayu hayuning bawana
Ana tanah Jawa, ana kapitayan
ngenani pulung utawa wahyu cakraningrat. Iki
gegayutan karo satunggaling panguwasa utawa kekuasaan. Pulung
kuwi diyakini mung ana ing sijining pawongan ora angger pawongan antuk utawa
nduweni pulung. Mula saka kuwi, pawongan kang ketiban pulung kudune nggunakake
kanthi becik, pawongan kuwi nduweni kuwajiban moral njejegake katentremaning
negeri.
Ambeg adil paramarta, memayu hayuning bawana
nduweni teges dadi panguwasa kuwi kudu bisa laku adil, ora pilih kasih, lan
tansah njaga katentremaning praja. Kanggo bab-bab tertemtu panguwasa kuwi bisa
uga nduweni patrap sing kontroversial. Tuladhane dialami
Sumantri kang kudu milih loro bab kang angel banget. Kudu ngabdi negara
apa milih mateni adhine, Sukrasana (lakon wayang Sumantri ngenger)
- Laku hambeging kisma
Tegese panguwasa/pimpinan kuwi kudu welas asih
marang sapa wae. Kisma tegese lemah, lemah kuwi sapa wae sing
ngidak-ngidak, ora kabeda-bedakake kabeh ditresnani.
- Laku hambeging tirta
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu adil
kaya bayu kang tansah warata ndhuwure. Yen adil iki dijejegakebisa dadi pepadhang
lan bisa ngresiki regedan. Bayu kuwi ora tau tumindak ban cinde ban
ciladan (pilih kasih).
- Laku hambeging dahana
Tegese dadi pimpinan utawa panguwasa kudu teges,
ora ingah-ingih, kaya geni kang panas mbakar apa wae. Ananging kudu
ditimbang-timbang adhedhasar akal sehat, saengga tumindake kuwi bisa
ditangggungjawabi.
- Laku hambeging samirana
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu teliti
niing ngendi wae. Apik alane kahanane rakyat lan negara kudu dimangerteni.
- Laku hambeging samodra
Tegese panguwasa kudune sugih pangapura, kaya
dene ambane samodra.
- Laku hambeging surya
Tegese panguwasa utawa pimpinan kudu nduwe
inspirasi kaya dene srengenge kang amadhangi alam donya saisine.
- Laku hambeging candra
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu bisa
madhangi ning ora manasake, kaya dene sunare mbulan.
- Laku hambeging kartika
Tegese panguwasa kuwi kudu nduweni kapitayan
dhiri, istilahe wong saiki percaya dhiri utawa confidance. Ora
ketang ana sajroning awake nduwene cacad utawa kekurangan. Dipindhakake
kartika/lintang ing langit, sandyan cilik nanging tetep sumunar hamadhhangi
petenging wengi.
- Tatas titis tatag tutug
Tegese ddadi panguwasa kudu nduweni watak kang
teliti utawa titi saben ngadhepi perkara. Titis tegese tepat ora tau geseh, yen
nggarap samubarang ora tau geseh wektune. Tatas tegese
tuntas ora tau mangkrak utawa separo-paro, tatag tegese tahan
utawa ora grusa-grusu, ora sembrono. Tutug tegese rampung.
- Gemi nastiti ngati-ati
Gemi nduweni teges hemat ora
boros, lan prasaja. Gemi beda karo medhit utawa cethil. Nastiti kuwi
ditujokake marang pawongan kang nduweni patrap gemi. Dene ngati-ati tegese
ngadohi resiko sing paling ala lan ora ngepenakake sapa wae.
- Gotong royong gugur gunung
Tegese samubarang pakaryan ditandangi kanthi
bareng-bareng, disangga wong akeh. Mesthine bakal cepet rampung lan entheng
sanggane.
- Mikul dhuwur mendhem jero
Mikul dhuwur tegese bisa nggawe arum utawa wangi
asmane wong tuwa, dene mendhem jero tegese bisa nutupi utawa nasabi cacad utawa
kekurangane wong tuwa.
Miturut Siti Hardiyanti (1991) idiom utawa
bab-bab kang magepokan klawan pangitutur luhur kang sumbere saka budaya
jawa yakuwi:
- Kudu angon wektu
- Tumindak aja nganti getun mburine
- Gawe rusak ora becik, dene gawe rusaking mungsuh dudu barang kang aneh
- Mungsuh sing wiis nungkul aja dipateni
- Sing sapa arep menange dhewe, kuwi nemahi cilaka
- Sing sapa gelem mbuwang ilmu karang bakal nemoni kabecikan
- Sing sapa gawe seriking liyan , kuwi uga arep nemahi cilaka
- Sing sapa seneng udur, kuwi bakal kena bebendu dening Pangeran
- Sing sapa seneng gawe nelangsaning liyan, iku ing tembe bakal kena piwales saka penggaweane dhewe
- Sira kudu mituhu marang pitutur kang bener
- Lamun sira seneng dialem wae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
- Muring-muring kuwi dalane antuk pepeteng, mula sapa sing seneng muring ora bakal antuk pepadhangangrembuge kang perlu kawala
- Golek kanca sing padha tujuane
- Aja gawe seriking liyan
- Aja golek mungsuh
- Aja wani marang leluhur, jalaran leluhur iku kagolong bathara
- Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwis
- Aja kaget lan gumun samubarang gelaring ndonya
- Aja nguber hawa nepsu mundhak sesngsara uripe
- Aja dumeh
- Siya
- Aja ngece wong ora duwe
- Aja gegedhen rumangsa
- Aja kumalungkung
- Aja kamingsun
- Aja dhemen cidra
- Aja munasika kawan
- Aja gumedhe
- Aja tumindak rusuh
- Aja ngrusak pager ayu
- Aja drengki
- Aja keminter
- Aja karemann
- Aja ambeg siya
- Aja gegedhen rumangsa
- Aja nggege mangsa
- Aja nampik rezeki
- Aja dawa tangal lan liya-liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar