NEMBANG MACAPAT
Mata
Pelajaran
: Bahasa
Jawa
Kelas /
Semester : XI / I
Metode
: Latihan,
tanya jawab, ceramah, diskusi, tanya jawab
Waktu
: 2 x 45 Menit
=============================================================================
I.
PANUDUH PIWULANG
- Supaya
mudheng bab nembang macapat lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca
babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
- Uga
maca Materi Bab NEMBANG MACAPAT
- Kanggo
ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
- Saben
langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
- Tugas
dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
- Rembugen
lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.
KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar
Kompetensi :
MEMBACA
Mampu membaca dan memahami
bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan
berbagai keterampilan dan teknik membaca.
Kompetensi Dasar
:
Nembang macapat
Indikator
:
- Menentukan
paugeran-paugeran tembang (guru gatra, guru lagu, guru wilangan, dan
wataking tembang) yang disajikan
- Menembangkan
tembang macapat yang disajikan
- Memberikan
tanggapan yang dibawakan oleh teman
III. INFORMASI MATERI
A. Jinising Tembang Macapat
Tembang macapat uga sinebut puisi
tradhisional jinisi lan perangane dadi telung perangan gedhe :
b)
Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat
yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom,
lan Dandhanggula.
b) Puisi tembang tengahan
(tembang dhagelan)
Sing kalebu ana tembang tengahan
yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c) Puisi tembang gedhe (kawi)
Sing kalebu tembang gedhe yaiku
Girisa
B. Paugeran Tembang Macapat
Tembang macapat kaiket dening
paugeran-paugeran ing ngisor iki.
a. Guru Gatra
Guru gatra yaiku cacahing /
gunggunge gatra /baris/larik, saben sapada/sapupuh/sabait. Saben-saben
tembang macapat nduweni guru gatara kang beda-beda.
b. Guru Wilangan
Guru wilangan tegese gunggunge wanda
(suku kata) saben sagatra. Kayadene guru gatra, saben tembang nduweni guru
wilangan kang beda-beda.
c. Guru Lagu
Guru lagu tegese tibaning swara ana
ing pungkasaning gatra kang dinulu saka guru gatra, guru lagu, lan guru
wilangane.
- wataking
tembang
Tuladha: trap-trapaning
paugeran tembang.
Guru gatra
|
Tembang
|
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
( 4 )
1
|
( Pucung )
Murid iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
|
12
6
8
12
|
(u, a, I, a )
u
a
i
a
|
( 6 )
1
2
3
4
5
6
|
( Mijil )
Dedalane guna lawan seketi
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
|
10
6
10
10
6
6
|
(i, o, e, i, i,u)
i
o
e
i
i
u
|
( 4 )
1
2
3
4
|
(Maskumambang)
Adhuh-adhuh rasane Taraku iki
Mboten saged omong
Bisaku mung kethap-kethip
Ragaku among gumlethak
|
12
6
8
8
|
( i, o, i, a )
i
o
i
a
|
( 9 )
1
2
3
4
5
6
7
8
9
|
(Sinom Parijatha)
Dhuh wong ayu pujaningwang
Dhasar ayu merak ati
Agawe sun nandhang branta
Mung sira kang ngusadani
Manuta dhuh wong manis
Mangga sira ingsun rungrum
Aja pijer lewa –lewa
Ayo nindakna karonsih
Sesarengan nyecep sarining asmara
|
8
8
8
8
7
8
8
8
12
|
(a,i,a,,i,i,u,a,i,a)
a
i
a
i
i
u
a
i
a
|
Tembang
|
Guru Gatra
|
Guru Wilangan
|
Guru Lagu
|
Pangkur
Jinejer ning wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing
pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepa asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak ganyuk nglelingsemi
|
(7)
1
2
3
4
5
6
7
|
8
11
8
7
12
8
8
|
a
i
u
a
u
a
i
|
Tembang
|
Guru Gatra
|
Guru Wilangan
|
Guru Lagu
|
Asmaradana
Anjasmara ari mami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wurubisma
Kariya mukti Wong ayu
Puh kakang pamit Palastra
|
(7)
1
2
3
4
5
6
7
|
8
8
8
8
7
8
8
|
i
a
o
a
a
u
a
|
C. Wataking Tembang
- Tembang
Pocung :
saenake, sembranan, guyonan. Gunane kanggo guyonan (berkelakar),
cangkriman, pitutur.
- Tembang
Mijil
: gandrung-gandrung, prihatin, Gunane: pangudhar rasa prihatin.
- Tembang
Maskumambang : susah nelangsa, prihatin, merana. Gunane kanggo mratelakake
rasa susah karana.
- Tembang
Kinanthi :
gandrungasmara. Gunane: kanggo mratelakake rasa susah karanaasmara.
- Tembang
Durma :
nesu, dendam, muring. Gunane kanggo pengeten nalikaning perang,
tantang-tantangan.
- Tembang
Asmaradana: sengsem, nesu, dendam. Gunane mratelakake rasa susah
karanaasmara.
- Tembang
Pangkur : gandrung,
tegang. Gunane kanggo menehi pepenget/peringatan
- Tembang
Sinom : lugu, susah, prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo mbabar
rasa susah.
- Tembang
Dhandhanggula: luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, mbabar
rasa susah, kanggo pambuka gendhing.
- Tembang
megatruh : susah, rasa
cuwa/gela kang mbangeti. Gunane kanggo mbabarake rasa susah.
- Tembang
Gambuh : nerangake,
nbeber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.
D. Nglagokake Tembang
Macapat
Tembang macapat ing ngisor iki
lagokno kanthi irama kang trep !
Pangkur
Jinejer ning wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepa asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak ganyuk nglelingsemi
ASMARADANA
|
Anjasmara ari mami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wurubisma
Kariya mukti Wong ayu
Puh kakang pamit Palastra
|
MASKUMAMBANG
|
Akeh janma kandha yen
manungsa kuwi
Bisa neka loka
Ing jagad
jalaran saking
Katiban wahyu kabegjan
|
Tembang pangkur ing ndhuwur ngemu
kawruh / nyritakake wong kang bodho ananging ora nggagasan. Tegese ora
ngrumangsani yen menawa dheweke kuwi bodho. Dadine, ngomonge ndhuwur-ndhuwur /
muluk-muluk ora ketemu nalar. Ngadhepi wong sing kaya mangkono iku luwih becik
kudu ngalah. Sing pinter / nalare mlaku kudune trima ngalah lan njaga
rasa-pangrasa wong bodho kuwi.
Dene ana tembang amaradana
nyritakake pawongan (Damarwulan) kang pamit marang kekasihe yakuwi Anjasmara,
amarga arep lunga perang mungsuh Menakjingga (Wurubisma) ana kutha Blambangan
(Prabalingga). Gandeng Menakjingga iku kawentar sekti mandraguna, mula
saka kuwi Damarwulan mesthekake yen takdire tumekang pati/lampus wus cedhak
Tembang Asmaradana nduweni watak
merak ati, sedhih, amarga nandhang asmara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar