Selasa, 29 Januari 2013

MODUL BASA JAWA X-2


MODUL
BASA JAWA 
    KELAS X    









Dening
Flowchart: Alternate Process: Nama		: …………………………………………………………………………..
Kelas		:…………………………………………………………………………..
No. Absen	:…………………………………………………………………………..
Sekolah	:…………………………………………………………………………..
Finna Dwi Estianingrum, S.Pd





MODUL
Basa Jawa

Kaangit dening
Finna Dwi Estianingrum, S.Pd

Kagem siswa/siswi SMK kelas X
Semester Ganep



Flowchart: Alternate Process: Modul punika didamel kagem piranti pasinaon para siswa SMK BINA MANDIRI Rembang sinau Basa Jawa.
 






                                                     











Piwulang 1
Standar Kompetensi :
Mendengarkan                                   
Mampu mendengarkan dan memahami serta menanggapi berbagai ragam wacana lisan non sastra berupa pengumuman , berita dan cerita
 Kompetensi Dasar :
Mendengarkan berita yang disampaikan melalui media elektronik
Indikator
1.       Menyebutkan pokok-pokok isi berita
2.       Menyampaikan isi berita secara lisan dalam ragam bahasa krama.
3.       Menanggapi (isi) berita yang disampaikan secara lisan.
4.       Menyusun berita dengan topik yang lain dalam ragam bahasa krama



*  Ringkesan Materi

Teks Pawarta


Penjarahan alas keri-keri iki njalari Perhutani rugi Rp. 50 triliun. Alas sing rusak banget Ian kudu enggal direhabilitasi ana 59 yuta hektare, dene sing wis kalebu rusak sekabehane ana 100 yuta hektare. Ing negara kita alase kabeh ana 235 yuta hektare, mengkono pratelane Soetiono Wibowo, Dirjen Rehabilitasi Lahan dan Perhutanan (RLPS) Departemen Kehutanan.

Saben taun alas sing rusak ana 2,8 yuta Ha. Yen ora dianakake rehabilitasi, 20 nganti 25 taun maneh Indonesia wis bakal ora duwe alas. Brasil, Indonesia Ian Nigeria, nduweni alas sing paling jembar sadonya. Nanging yen dijarah terus-2an, kita bakal padha karo negara liya, ora du-we alas. Sing wis rusak mau, sebagian gedhe wujud alas jati, sing maune tansah dadi contone model pelestarian alas sing diwiwiti taun 1905 dening pemerintah penjajahan.
Perhutani wis mbudidaya ndandani kanthi cara-cara : mbrastha kayu colongan, reboisasi, revitalisasi alas, pembangunan ekonomi masarakat sakiwa tengene alas, nata kawasan alas Isp.
(Kapethik saka Panyebar Semangat, 2005.15)



Gladhen
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.    Pawarta ing dhuwur kapethik saka ngendi?
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
2.    Apa intine pawarta ing nduwur?
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
3.    Negara ngendi wae sing nduweni alas paling amba?
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
4.    Kepriye carane perhutani mbudidaya nglestarekake alas?
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
5.    Kepriye panemumu babagan pawarta ing nduwur?
Wangsulan:…………………………………………………………………………….............................................................................................................






Standar Kompetensi :
 Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa.
  Kompetensi Dasar :
Menyampaikan informasi yang diperoleh melalui radio, televisi, atau internet
Indikator :
1.     Menyebutkan secara lisan pokok-pokok isi berita
2.     Menyampaikan isi berita secara lisan dalam ragam bahasa krama
3.     Menanggapi isi berita yang disampaikan secara lisan
4.     Menyusun berita dengan ragam bahasa krama

*  Ringkesan Materi

Teks  Pawarta Basa Jawa



Basa daerah cacah 726 saka total 746 sing ana ing Indonesia ngadhepake cures merga ditinggal dening penuturure. Generasi mudha luwih seneng migunakake basa asing kanggo caturan saben ndina katimbang nglestarekaken identitas kedhaerahan mau. Bab iku dingendikakake dening Kepala Bidang Pembinaan Pusat Bahasa, Mustakim ing sela-selane acara Kongres Bahasa-bahasa Dhaerah Wilayah Barat ing Bandar Lampung. Wondene basa dhaerah sing isih ana, kandhane Mustakim, racake penuture saya suda. Miturut Mustakim, dinane iki kari basa dhaerah cacah 13 sing penuture luwih saka sayuta yakuwi basa Jawa, basa Batak, basa Sunda, basa Bali, basa Bugis, basa Madura, basa Minang, basa Rejang Lebong, basa Lampung, basa Makasar, basa Banjar, basa Bima lan basa Sasak. Wondene basa dhaerah sing penuture kari wong puluhan wae yaiku basa Halmahera lan basa Maluku Utara.
(Kapethik saking Panyebar Semangat.2007.47:6)


Gladhen
1.    Analisisen pawarta ing nduwur, saka isine lan unsure ( 5 W + 1 H ) ing njerone kaya ta :
*      Apa
*      Sapa
*      Kapan
*      Ning ngendi
*      Kepriye
*      Kapan
2.    Rungokna pawarta basa jawa ing salah sawijining stasiun televisi utawa radio, banjur golekna perangane 5 W + 1 H kasebut!








Standar Kompetensi :
Menulis
Mampu  mengungkapkan  pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan  sastra maupun nonsasastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan  menulis dengan huruf Jawa. 
Kompetensi Dasar :
Menulis wacana narasi dalam bentuk synopsis cerkak
Indikator
1.          Menentukan isi pokok cerkak
2.          Menuliskan kembali isi cerkak dalam bentuk sinopsis

*  Ringkesan Materi

Cerkak kalebet salah satunggaling crita narasi, ingkang arupi sambet-sinambetan prastawa ingkang dumados ing satunggaling wekdal. Tokake
Minangka ancer-ncer caranipun nyerat cerkak ingkang kedah dipun gatosaken inggih punika :
1.      Nemtokake tema
2.      Nemtokake rincian tema (ide)
3.      Ngembangake ide dhateng wujud cerkak, kanthi migatosaken
-          Diksi (pilihan tembung)
-          Ejaan (tata cara panulisan)
-          Tandha waca
Kajawi saking punika kedah dipun gatosaken bilih cerkak punika nggadahi ciri-ciri kados ing ngandhap punika ;
1.      Dawane cerkak antawis tiga dumugi sedasa kaca, utawi kirang saka 10.000 tembung
2.      Ing cerkak naming wonten setunggal kadadosan utawi “insiden”
3.      Watak para paraga dipun gambaraken kanthi cekak

Wacanen cerkak ing ngisor iki kanthi patitis!

LEMPUYANGAN

Setya Amrih Prasaja

Jam 11.45 stasiun Lempuyangan, 12 juli 2003.
Dina setu kang panas ngenthang-ngenthang, dalan aspalan katon ireng sajak kemebul kena dayaning srengéngé mangsa ketiga, satengahing lalu-lintas jogja sing padhet, motor takplayoké ngidul terus mangétan setithik njujug ing Lempuyangan, karepé gati arep ngeterké Sari nggolèk tikèt sepur, siré dhèkné arep mulih dina kuwi uga. Kaya adat biasané lé menyang lan tuku tikèt rada ngèri, awit wis kulina, wong biasané, sepuré ya mesthi telat lé teka. Mula dina kuwi lèhku ngeterké tuku tikèt ya wayah jam rolas kurang seprapat, karepé teka, tuku tikèt terus langsung munggah sepur rasah ngentèni sepuré teka kaya adat biasané. Barang wis tekan ngarep lokèt karcis Sari langsung njaluk tikèt menyang Tasik. Jebul disemayani tikèt jam setengah sepuluh bengi. petugasé kandha yèn sepur pasundan ntas waé mangkat durung ana rong menit lewat. Bathinku ngapokaké Sari, salahé sapa rada lelet. Èsemé  katon kecut, sajak kuciwa, kamangka kudu dina iki uga dhèwèké wis tekan Tasik wong jaré ana acara keluarga. Bocahé langsung njujug warung Telkom sing ana sandhingé lokèt karcis. Aku nunggoni sangareping lokèt karo maca jadwal, rega tikèt lan sepur sarta jurusané.
            Bali saka stasiun ora langsung njujug kosé Sari, nanging lèrèn sedhéla nèng angkringan pojok gelanggang adat biasané angkringan bukak jam papat soré ning ora kanggo angkringan gaul iki, sakperlu rembugan kepiyé beciké. Jan-jané aku ora tegel ngeculké Sari mulih bengi, kamangka sing arep ditumpaki kereta kelas ekonomi, para maos rak wis mangerténi kaya ngapa kahanané sepur kelas ekonomi. Sumpek, umpel-umpelan, akèh tukangé ngamén, bakul-bakul sing pating sliwer. Akèh copeté barang. Wah pokoké semrawut. Apa manèh iki mlaku bengi, wah aku kuatir mengko ana apa-apa nèng ndalan. Durung suwi iki Sari kelangan barang, kuwi pas dhèwèké meksa mulih bengi dhéwé.
Seminggu kepungkur.
            Dina jemuwah bareng karo plethèking srengéngé saka sisih wétan. Jam setengah enem ésuk, aku wis tangi. Jan-jané setengah enem tumrapku isih ésuk banget. Apa manèh sanajan ta iki nèng jogja meksa tetep krasa adem rasané. Sakwisé mripatku loro bener-bener melèk, gagé aku nyandak anduk, mlotot odol. Ora lali karo nggondhol bungkus rokok, biasa kaya padatan, ndodok tenguk-tenguk ndhisik karo udud.
            “Weit, blaik...”. kagèt  aku meruhi awakku dhéwé jroning pengilon.
            “Hi...hi...,géné nèk nyandhang rapi ngéné ya kethok bagus”. Cekikikan dhéwé, aku ngalem bagusku.
            “Sreeetttt...sreetttt”. gandha parfum krasa maknyus nyogok irung.
            Motor wis siap, gagé aku menyang kampus, ana kansèn karo dosen. Tekan kampus isih jam pitu, kamangka lehku kansénan jam setengah wolu. Kebeneran. Rampung markirké motor, sing tak jujug ora liya ya Bonbin, kantin Sastra sing panggonané biasa, ning rumangsaku kaya nduwèni pangaribawa kang narik kawigatènané mahasiswa padha jajan nèng kono. Ésuk-èsuk ngéné énaké ngopi karo ngudud. Wédhang kopi panas wis sumadya, isih katon kebul-kebul ngana kaé. Kahanan bonbin durung ramé, lagi kèthok paling wong papat kalebu aku sing wis padha nonkrong, ngadhep kopi karo ngobrol. Bakulé ya ana sing lagi lekas nata dagangané.
            “Mas tumben jam segini dah nyampe kampus ?”. krasa ana tangan alus njawil pundhakku tengen saka mburi.
            “Wah iya no”. Wangsulanku cekak karo ngajak lungguh bocah wadon sing njawil pundhakku mau. Bocahé pahen, pakulitané putih katon saka cahyané kang suminar meksa gawé blèrèng mripatku sing ketutup kaca mata ribèn. Ngalor ngidul nggonku angon ilat adol omongan -- Sakwisé wedhang kopi taksruput sing pungkasan nganti sak ampasé katut gawé garis sakduwur lambé, aku njujug kantor jurusan sing wektu kuwi wis bukak ning isih katon sepi tur kosong. Karo ngentèni tekané dosenku, aku nggolèki warta saka mading sakngarepé kantor jurusan.
            “Dicari Sarjana Sastra Jawa IPK min. 3. untuk bergabung pada Lembaga Kajian Naskah Jawa. Diutamakan Keahlian Filologi,.........”. Mlongo aku maca lowongan gawéan kang surasané mbutuhké Sarjana Sastra Jawa. Nganti bola-bali lèhku maca. Genéya ana sing masang lowongan kaya mangkono, ehm coba aku wis lulus.
            “Mas, dah lama ya nunggu ?”. Ana pitakonan sing gawé kagèt nggonku ngalamun iki mau. Jebul dosen pembimbingku wis ana jejerku.
            “Oh...Bu...nggih sampun sakwetawis.” Wangsulanku rada gagap. Karo ngetutké bu dosen mlebu kantor. Bubar konsultasi kang kurang luwih ora krasa nganti ana rong jam. Sak jroning kantor sejatiné aku rada tambah gagap. Kepiyé lèhku matur apa nganggo cara Jawa apa Indonesia. Kamangka nèk cara Jawa tetembungan basa kramaku ki durung jangkep, ning nèk cara Indonesia kok katon lucu, wong  jaré jurusan sastra Jawa rak kuduné anèng kono nggo sarana gladen wawan rembug cara Jawa antarané mahasiswa lan dosen. Akh luwèh..., cara campursari baé sing gampang tur padha penaké. Oh ya tegesé campursari para maos rak nggih sampun pirsa ta, tetembungan Jawa campur aduk kaliyan tembung Indonesia.

Jam 09.30 WIB. Kampus.
            Rampung konsultasi aku nyelakké sedéla menyang perpustakaan sakperlu mbalèkake buku, karo nyilih manèh.
            “Bukunya ngga ada je mas”. Wangsulané petugas perpustakaan sakwisé maca daftar katalog sing takulungké.
            “Wah lha dos pundi ta bu, kamangka punika wonten, jelas sinerat jroning katalog.” Wangsulanku rada ngèyèl. Kayané ora mung sepisan kuwi olèhku nggolèki buku ning ora tau ana, mbuh padha ilang menyang ngendi buku-buku kuwi. Krunguku sih jaréné padha dicolongi mahasiswané. Akh mbuh.

**
Jam 21.00 WIB. Lempunyangan, 12 juli 2003.
            Kahanané katon ramé, pating sliwer calon penumpang ngétan ngulon nggolèk papan sing kepénak nggo lungguh ngentèni sepuré teka. Ora sakwetara suwi, sepur sing ditunggu-tunggu mak kluwer siji mbaka siji gerbongé mlebu stasiun. Gemrudug swarané rèl kaya swarané bledèg ing mangsa udan. Tanpa dikomando puluhan calon penumpang sing saka mau ngentèni sajak ora sranta, padha pating sliwer rebut papan colong playu. Tangané Sari dakkanthi, ngétan-ngulon aku nggolèk gerbong sing isih sela. Sidané bisa mlebu gerbong, lumayan ora pati umpel-umpelan kaya gerbong liyané. Ning tetep ora keduman lungguhan. Aku munggah gerbong watara jam sepuluh kurang seprapat. Mbok menawa iki sing kepindhoné aku numpak sepur kelas ekonomi manèh. Sajroning gerbong ramé banget ana sing ngomong cara sunda ya ora sithik sing ngomong cara Jawa. Aku seméndhé pinggiring kursi, Sari dakkanthi sacedhakku. Ora krasa lakuné sepur wis setengah dalan. Sepuré lèrèn rada suwi ing stasiun apa ta kaé. Mbuh aku dhéwé ra pati ngematké tulisan sing kapampang, wong mripat iki rasané  kaya kari setengah watt.
            “Punten ak.”. Makjenggirat aku tangi kagèt, mripatku kaya-kaya mak pencorong melèk amba, krasa nèk sikilkku kepidhak tukang ngamèn sing liwat ngarepku. Bathinku misuh-misuh ning ora kumecap. Bareng tekan stasiun Banjar lagi ana lungguhan sing kosong, gagé aku lungguh. Wah awak krasa pènuk rasané pirang jam waé aku ngadeg karo nyangga awakké Sari sing lumayan abot. Jejerku persis cah nom-noman bagus warnané, rambuté dawa semanak semedulur. Aku ngrogoh sak.
            “Rokok mas ?”. Karo ngulungké rokok aku ngajak tetepungan.
            “Ada, makasih”. Wangsulané cekak, karo nuduhké bungkusan rokok Mild.
            Suwi-suwi saya gayèng lèhku ngobrol karo dhèwèké, jenengé wawan saka Batu Malang, arep menyang Bandung. Bocahé seneng banget musik lan ngeband dadi ora mokal nèk sadalan-dalan sing dirembug mung kahanan musik karo band.
            “Mas rong jam manèh nèk gak telat sampéyan teka Ciawi, istirahata, mengko takkèi ngerti nèk wis teka Ciawi”. Mangkono kandhané, barang weruh aku ongap-angop saka mau.
Jam  07.02 WIB. Ciawi, 13 Juli 2003
            Wawan njawil pundhakku aweh ngerti yèn wis tekan Ciawi. Aku gagé menyat Sari takgugah.
            “Dah nyampe mana ?”. pitakoné Sari karo ngucek-ucek mripat.
            “Ciawi”. Wangsulanku cekak.
Aku pamitan karo wawan banjur medhun saka gerbong. Angin adem krasa manjing balung sungsumku mapag tekaku ésuk kuwi ing Ciawi tanah Pasundan. Adem sing krasa saya nambah wetengku luwé.
            “Mang bubur nyak”.  Sari njawil bakulé sing lagi sibuk ngladeni, njur lungguh sacedhaku. Sakwisé weteng krasa anget lan wareg, karo ngentèni rada awan. Aku coba golek pitakonan bab apa sebabé kok saka lempuyangan nganti tekan ciawi kéné Sari ora akèh tembungé alias mèndhel kémawon, kumecap omong ya sakperluné waé. Jebul lèhku adoh-adoh saka lempuyangan tekan Ciawi mung teka langsung lunga. Sawetara ana telung jam karo tengak-tenguk ngentèni tekané sepur menyang lempuyangan manèh. Awit tekaku ora dadi senènging penggalihé wong tuwané Sari sakloron. Jan-jané aku aku wis krasa lan ngerti yèn tekaku ngancani Sari mulih ora bakal dadi atiné wong tuwané loro, ning tetep baé aku menyang, mung pingin mastekaké Sari tekan panggonané kanthi slamet. Wondéné pancèn bener kahanan sing kudu daktampa kaya mangkono, ya kapeksa aku mulih Jogja dina kuwi uga. Sepur kang tak jaluk ngintirké lakuku bali menyang lempuyangan wis teka. Gagé aku nyandhak lawangé gerbong, lambéku kaku ora bisa kumecap njaluk pamit karo kursi stasiun, rèl lan kahanan ing stasiun Ciawi sing sepi nglangut. Ora kaya swasaning atiku sing gemrejeg-grejeg kaya lakuning kreta sakduwuring rel kang panas antarané Ciawi – Lempuyangan.

Gladhen
1.      Saka cerkak ing nduwur gaweya sinopsis miturut cerita kasebut !
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

2.      Gaweya pitakonan ( 10 pitakonan)  saka cerkak ing nduwur !
Wangsulan:……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………


UJI KOMPETENSI 1
A.    Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e ing wangsulan kang bener!

1.    Aweh kabar, kadadean sing wes kelakon iku kasebut…
A.    Wara-wara                    D.  Pidato            
B.    Pawarta                        E. Pambage harjo
C.    Geguritan
2.     Bentenipun pawarta  kalih wara-wara kados ing ngandap, menawi wara-wara punika….
A.    Sampun kadadosan              D.  Nawakake dagangan
B.    Isine ngajak-ngajak               E.  Aweh weruh
C.    Dereng kadadosan
3.    5 W + 1H punika kalebet ing unsur punapa…
A.    Cerkak                                D.  Pawarta
B.    Geguritan                    E.  Wara-wara
C.    Parikan
4.     Mas Bagus taseh mirengaken radio,punika kalebet kaprigelan (ketrampilan) basa ingkang…
A.    Nyemak                    D.  Micara
B.    Maos                    E.  Mahami
C.    Nyerat
5.    Paraga kangge mirengaken pawarta kasebut…
A.    Palaparan                    D.  Padaran
B.    Soca                         E.  Asta
C.    Talingan
6.    Tgl 17 mei 2011 kepunkur punika hari raya wisak, ingkang dipunlaksanaaken sedaya dunya.
Ukara ing nginggil punika kalebet…..
A.    Pidato                               D.  Kabar
B.    Pawarta                    E.  Sedaya leres
C.    Wara-wara
7.    1.    Cacahing tembung kirang saking 10.000 tembung
2.    Critane ana 2 dugi 20 kaca.
3.    Dimensi wekdalipun langkung sempit kabanding novel
4.    Ngungkap salah satunggaling cerita ingkang saged ngadiraken impresi tunggal
Kutipan ing nginggil punika kalebet….
A.    Unsure instirnsik cerka              D.  Titikanipun cerkak
B.    Unsure ekstrinsik cerkak            E.  Pangertosan cerkak
C.    Perangane cerkak
8.    Tema, alur, amanat,tokoh punika perangane….
A.    Titikanipun cerkak                D.  Parafrasa cerkak
B.    Unsur instirinsik                    E.  Synopsis cerkak
C.    Unsur ekstrinsik 
9.    Ingkang kalebet ing unsure ekstrinsik punika…
A.    Tema                                           D.  Biodata pengarang
B.    Tokoh                                          E.  Nami pengarang
C.    Alur
10.  Crita ingkang ngungkap salah satungaling perkawis kanthi purna, iku kasebut…
A.    Mite                    D.  Cerkak
B.    Roman                             E.  Novel
C.    Fabel
11. Simbah ngendika kalih rayi kula.
Ukara ing nginggil kalebet kaprigelan basa ingkang…
A.    Maos                    D.  Micara
B.    Nyimak                             E.  Mirengaken
C.    Nyerat
12. Sumber Informasi punika saged wonten ing..
A.    Radio                               D.  Kalawarti                
B.    Internet                      E.  Sedaya leres
C.    Layang (Serat)                
13. Kaprigelan micara kedah nggatosaken...
A.    Paningal                      D.  Asta
B.    Penggalih                    E.  Talingan
C.    Swanten
14. Ingkang kalebet ing informasi, kajaba…
A.    Pawarta                    D.  Pidato  
B.    Cerkak                              E.  Layang(serat)
C.    Wara-wara
15.     (1) mesthi (2) tetulung (3) ingkang (4) tiyang (5) seneng (6) kancanipun (7) katah
Urutane nata tembung supados dados ukara sing leres yaiku…
A.    1,2,3,4,5,6,7                    D. 4,3,5,2,6,1,7 
B.    4,5,6,7,1,2,3                    E.  4,3,2,1,5,6,7
C.    6,7,4,3,5,2,1
16.     _ Rak boten……. Inggih…… panjenengan?
+ weteng kula boten sakit
Pacelaton kasebut supados unggah-ungguhe kedah dipunjangkepi tembung…
A.    Gerah, soca                      D.  Gerah, palaparan                
B.    Gerah, padaran                E.  Sakit, samparan
C.    Sakit, talingan    
17. Tiyang nem kalih tiyang sepuh kedah ngangge basa ingkang….
A.    Ngoko                                   D.  Krama alus
B.    Ngoko lugu                    E.  Krama lugu
C.    Krama
18. Ing driji manise rinnengga kalpika pepacangan, kanthi ing njero inisial jenengku.
Karya. Suparta brata 
    tembung “ karya. Suparta brata” ing ngandhap penggalan cerkak punika kalebet ing…
A.    Titikanipun cerkak                D.  Biografi pengarang cerkak
B.    Tokoh ing cerkak                  E.  Sudut pandang ing cerkak
C.    Asma pengarang cerkak
19. Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindingake motorku mubeng- mubeng. Aku nuju supermarket anyar, sing ketara akeh pengunjunge.
Ukara ing nginggil punika kadapuk unsure ing cerkak yaiku…
A.    Latar lan Sudut pandang.            D.  Alur lan amanat
B.    Papan lan Tokoh                                      E.  Papan lan sudut pandang
C.    Latar lan tokoh
20. Biografi pengarang punika kalebet ing…
A.    Unsure ekstrinsik                D.  Sudut pandang
B.    Unsure instrinsik                 E.  Sedaya leres
C.    Tokoh

B.     Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.      Sebutke unsur  intrinsik cerkak!
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

2.      Sebutke unsur-unsur pawarta!
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………
3.      Apa pangertene pawarta?
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………
4.      Kepriye ancer-ancer caranipun nyerat  cerkak ingkang kedah dipun gatosake?
Wangsulan:………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
5.      Sebutke ciri-cirine cerkak!
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………




















Piwulang 2
*
Standar Kompetensi :
Mendengarkan                                   
Mampu mendengarkan dan memahami serta menanggapi berbagai ragam wacana lisan non sastra berupa pengumuman , berita dan cerita
 Kompetensi Dasar :
Mendengarkan pembacaan cerkak yang disampaikan secara langsung atau rekaman
Indikator
1.    Menyebutkan tema cerkak yang dibacakannya
2.    Menyebutkan tokoh dari cerkak yang dibacakan
3.    Menyebutkan setting dengan diberi contoh kalimat pendukungnya
4.    Menjelaskan alur cerkak dengan disertai contoh kalimat pendukungnya
5.    Menyebutkan amanat yang terkandung dalam cerkak yang disimak.

Ringkesan Materi

1.     Wacanen kanthi patitis, supaya disemak dening kancamu!

NGEDOL  SING  ORA  DIDUWÈNI
(déning: Adinda AS.)
ÉSUK-ÉSUK  aku wis sumadya mangkat menyang kantor pusat perusahaan jroning 30 taun aku nyambut gawé ing kana lan telung taun iki aku wis nglakoni pènsiun. Ana urusan administrative. Kantor iku mapan ing kutha Sala adohé rong jam laku darat saka omahku.
            Bola-bali tak starter, nanging mesin mobilku rèwèl ora gelem urip. Kap mesin mobil tak bukak nyoba ndeleng mesin mobil ngadhat iki sing sejatiné aku ora paham thèthèk-mbengèk mesin mobil. Sakwisé tak uthak-uthik kana-kéné, tak coba nguripaké mesin manèh. Bisa urip sedhéla, nanging mandheg manéh sakwisé ana swara gemlothak banter nggawé kagètku.
            Aku kagèt banget. Kedadéyan ngéné iki pancèn wis suwé tak kuwatiraké. Kanggo ngawèkani awèté mobil pribadi biasané nem wulan sepisan dak lebokaké ing bèngkèl lengganan. Nanging pétungan ragad, telung tahun sakwisé pènsiun durung tau tak lebokaké bèngkèl.
            Wiwit aku pènsiun akèh bab-bab sing nggawé was sumelang jroning uripku. Endi ana mobil sing kudu diservice abot, endi ana kulawarga sing dumadakan lara kudu mlebu RS. Utawa ana prakara sing mbutuhaké  dhuwit akèh. Dhuwit pènsiun saben wulané mung cukup kanggo ragad urip saben dinané kanthi  prasaja.
            Begjané anakku loro-loroné wis rampung kuliahé. Nanging wektuné nikah, aku minangka wong tuwa rak kudu sumadya sakabèhé……. Lan isih akèh manèh kekuwatiran lan rasa sumelang sing ngreridu pikiranku !
            Kanca-kanca pènsiunan sak nasib ana sing ngayem-ayemi kanthi nuding sabda tama: “Coba delengen manuk gagak. Manuk-manuk kuwi ora padha nyebar lan ora padha derep, lan iya padha ora duwé  lumbung kanggo nandho pangan, éwasemono padha diparingi pangan déning Gusti Allah. Kowé rak luwih aji ketimbang karo manuk-manuk mau !”  Lha, ya iku. Aku iki sing mbiyèn duwé pangkat dhuwur, bayaré gedhé bareng wis tuwa pènsiun malah kebak was-sumelang lan kekuwatiran ? Genéya? Ya embuh……
            Wusanané aku tetep budhal nunggang bis umum sing akèh liwat ing ngarep omahku. Tetéla nunggang bis umum ya kepénak angler uga, sing cetha ragadé adoh luwih murah yèn katandhingaké nggawa mobil pribadi dhéwé. Nunggang ing bis umum sing pancèné kudu suk-sukan kahanan sing arang tak lakoni sadurungé.
Nanging ya akèh sesawangan sing lagi saiki aku ngerti. Akèh pambarang (=pengamen)  nggawa alat musik kanthi solah bawa dhéwé - dhéwé. Ana sing lagi nyanyi sabait rong bait langsung wis narik dhuwit. Ana sing pidato dawa sadurungé nyanyi ana sing mung terus nabuh gitaré karo sirahé manthuk-manthuk tanpa swara. Werna-werna patrapé, nanging pamrihé siji, yaiku kepéngin ngrebut kawigatèné wong-wong supaya gelem mènèhi dhuwit rècèhé. Ing nggon - nggon ajeg ana waé klompok pambarang munggah lan mudhun.  
Ing sawijining terminal cilik, seprapat jam  sadurungé tekan kutha Sala, ana priya pambarang  umur udakara  40 taun munggah bis. Nyandhang penganggoné rapi lan resik ora kaya pambarang umumé sing kummel lan nglomprot.
Kebeneran pambarang sing ana ndhuwur bis mung dhèwèkan. Ngadeg ing tengah-tengah bis. Kanthi trapsila mbungkuk mengarep , ngiwa nengen dhèwèké atur pakurmatan panumpang bis tanpa pocapan apa-apa kejaba ing lambéné mèsem ngujiwat.
Priya pambarang iku wiwit nabuh gitaré. Tak deleng driji-drijiné methik kawat gitar kanthi luwes. Dhèwèké main wirama kroncong. Tak rungokaké mainé resik. Pindhahé chord-chord C-C7-F-G7-C   ya mapan apik. Rumpakaning chord-chord iku diambali bola-bali. Aku sing seneng main kroncong ora ngerti pambarang iku arep main lagu apa, awit wiwit sepisanan mung main chord babar pisan tanpa melodi.
Mèh telung menit pambarang iku main gitar karo tumungkul sirahé. Banjur dhèwèké njenggèlèkaké rainé wiwit nyanyi. Saka lambéné kanthi semangat menga amba nanging durung ana sing ngerti dhèwèké arep nyanyi apa. Ucapané  banter mèmper swara   ah, èh, ih, uh, oh, aah…… Mbok menawa intro lagu anggitané dhéwé, batinku.
Sakwisé rong menit luwih pambarang iku mung ngucap swara iku sing babar pisan tanpa wirama ora jumbuh karo gitaré, akèh para panumpang sing gèdhèg - gèdhèg gumun.
“Tiyang punika pambarang bisu……” cluluké pak kondèktur bis.
“Wah iki mung akal-akalan waé !” ujaré salah siji panumpang cubriya karo ngguyu nyekikik.
“Mboten, pak. Pramila bisu saèstu. Piyambaké bisu tuli gawan bayi. Punika pedamelané saben dinten kanggé pagesangan éstri lan anakipun setunggal,” panjlèntréhé kondèktur bis sing sajaké wis raket. Krungu kojahé kondèktur mau akèh wong sing banjur ngguyu gleges. Ana  sing gèdhèg - gèdhèg. Aku dhéwé mung lungguh meneng ngungun.
“Bengawaaan Sooloooo….. Riwayatmuuu, iniiiii………”  keprungu swarané wong nyanyi. Swarané bening merdu. Jebul swarané salah siji panumpang ing satengahé petikané gitar pambarang sing wis mingkem lambéné tanpa swara. Sapandurat wong-wong padha kagèt banjur padha ngguyu bareng.
Priya bisu iku mau dumadakan njerit banter lan gitaré ditabuh sora gawé mengkorogé githoké sing padha krungu, gitaré sidhem. Atur pakurmatan manèh. Ana sawenèh panumpang sing keplok. Priya pambarang bisu banjur ngideraké kothak karton. Kanthi ngungun aku nglebokaké dhuwit sèket èwu rupiah ing njeroné kothak cilik sing diideraké pambarang bisu mau. Tak deleng kondektur nyawang aku karo mèsem.
Aku ngungun sakwetara wektu. Aku rumangsa éntuk piwulang sing becik banget  saka kedadèn sing mentas waé tak adhepi. Aku dadi yakin lan faham sabdatama pitutur luhur sing nyebutaké:  “Manuk gagak kuwi ora padha nyebar lan ora padha derep, lan iya padha ora duwé  lumbung kanggo nandho pangan, éwasemono padha diparingi pangan déning Gusti Allah.”  Nanging mesthi waé nèk manuk gagak mau tetep meneng, turu waé ing susuhé ya ora bakal éntuk pangan sapuluk-puluka. Kenapa aku kudu sumelang lan tansah kuwatir ??
Saktekané terminal Sala, aku mudhun saka bis kanthi jumangkah ènthèng. Kondèktur sapa aruh aku karo mèsèm grapyak.
“Wah bapak kepranan laguné pambarang bisu tuli wau nggih, pak ? Sèket èwu regi ingkang pantes sanget,”  ucapé kondèktur mau ngguyoni.
Aku mung mèsem manthuk. Mesthi dudu “swara merduné” pambarang bisu mau. Wong nyanyi mung ah, èh, uh, oh!   Nanging piwulang sing prayoga saka dhèwèké. Aku saiki yakin ora perlu sumelang manèh. Gusti mesthi bakal maringi sing kita butuhaké angger disuwun kanthi donga, kapitayan lan ikhtiar !
Wong bisu mbarang dodol swarané bisa nguripi anak bojoné. Dhèwèké ngedol sing ora diduwèni kok ya bisa urip.  Gusti Allah Maha Adil.    
                                             oo0o
Gladhen

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.    Apa tema saka crita cekak ing nduwur?
Wangsulan:…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
2.    Sapa wae paraga saka crita ing nduwur?
Wangsulan:………………………………………………………………………………………………………………………………………………………........
3.    Sebutna latar/setting saka crita ing nduwur banjur wenehna tembung ngendi kang isine ngandhut latar crita kasebut!
Wangsulan:………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
4.    Kepriye alur / plot crita ing nduwur?
Wangsulan:……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
5.    Apa amanat kang bias kapetik saka crita ing nduwur?
Wangsulan:…………………………………………………………………………….............................................................................................................






MACA
Standar Kompetensi :
 Mampu membaca dan memahami  bacaan nonsastra maupun sastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan     teknik membaca.
 Kompetensi Dasar :
Membaca nyaring naskah berita
Indikator
1.       Merumuskan pokok-pokok isi berita
2.       Membaca naskah berita dengan  lafal, intonasi, dan irama yang tepat dengan penuh percaya diri
3.       Menceritakan kembali isi berita dengan bahasa sendiri dengan penuh percaya diri



Ringkesan Materi

1.    Wacanen pawarta ing ngisor iki kanthi lafal, intonasi, lan irama kang trep!
Rounded Rectangle: Pawarta Lagu Rasa Sayange

Pamarentah Indonesia ngukuhi lagu Rasa Sayange saka pandakune Malaysia. Kanggo mikuwati ngyakinake yen Rasa Sayange pancen temen-temen asil ciptaane seniman Indonesia, Menteri Kebudayaan lan Pariwisata Jero Wacik ndhapuk tim kanggo nglacak bukti-bukti kang isih ana. Tim mau golek bukti wiwit ing laladan Maluku engga tekan Negara Jepang. Kaya sing wis kasumurupan, Malaysia ndaku Rasa Sayange minangka lagu nasional ing negarane. Kepara lagu sing wiramane gumyak iku dienggo jingle (lagu) promosi pariwisata Malaysia. Kasus mau engga seprene durung ana karampungan awit pihak Indonesia lan Malaysia padha-padha ngaku duwe bukti kuwat ngenani lagu kasebut. Kanggo ngawekani murih Indonesia ora kecolongan maneh, Departemen Kebudayaan lan Pariwisata (Depbudpar) nekan nota kesepahaman karo Departemen Hukum lan Hak Asasi Manungsa (Depkum HAM) ngenani Perlindungan, Pengembangan dan Pemanfaatan Kekayaan Intelektual Ekspresi Budaya Warisan Tradisional Milik Bangsa Indonesia. Karya budaya sing dimaksud ing nota kesepahaman mau ora ngemugake bab lagu-lagu dhaerah wae nanging uga warisan budaya kang sipate khas kaya dene upacara tradional, busana khas dhaerah lan panganan khas dhaerah. Jero ngajap dhaerah-dhaerah sing duwe warisan budaya khas mau tumuli ndhaptarake menyang Depbudpar. Dheweke lagi ngupayakake murih beya pendaptaran iku ora larang.

(Kapethik saking Panyabar Semangat.2007.44:5)

 







n















Maca Jawa
Cobi seratan Jawi menika kawaosa kanthi leres !





Wacanen aksara Jawa ing ngisor iki kanthi trep!

1.?r[mai=g[wsepiai=pmºihmemyuayuni=bwn.
Wangsulan:………………………………………………………………………
2.?zufilkuautmknQismPu/nai=bufi.
     Wangsulan:………………………………………………………………………
3. ?allnBecikHikufumunu=anaw[kK[d[w.
Wangsulan:………………………………………………………………………
4.?spllimr=kbecikKnNi=liynHikuky[kwn¿,
Wangsulan:………………………………………………………………………
5.?aucpHikubisffijlrnKbecikKnLnJlrnNi=pti.
Wangsulan:………………………………………………………………………
6.?multSlirtnSh[ali=lwnWsPf.
      Wangsulan:………………………………………………………………………
7.?si=spkulintuminFkHlbklCilkauri[pP.
      Wangsulan:………………………………………………………………………
8.?begJbegJ[nk=lliaisihbegJk=[ali=lwnWsPf.
      Wangsulan:………………………………………………………………………
9.?ajrum=sbisnzi=bisarum=s.
      Wangsulan:………………………………………………………………………
10.?[ynFibecikKi[w=oliytulisSenHi=wtusupy[aorgmP=lli.
      Wangsulan:………………………………………………………………………





Nulis Jawa
Kaserata mawi aksara Jawi !
1.   Antaga lan Manikmaya iku sedulure Semar.
……………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………..
2.   Bisa ngulu jagad dadi ratu kahyangan.
……………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………..
3.   Sedulur telu dumadi saka cahya putih.
……………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………..
4.   Bathara Ismaya bagus rupane.
……………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………..
5. Lurah Badranaya mapan ing Karang Kedhepel.
…………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………..
6.   Ismaya kadhawuhan mudhun ing donya.
……………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………..
7. Momong para satriya kalebu PAndhawa.
……………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………..
8. Semar, Gareng, Petruk, Bagong iku Punakawan.
……………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………..
9.   Bendara sing susah atine dilelipur.
……………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………….
10. Semar ala wujude nanging luhur budine
……………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………….






Gladhen Unggah-ungguh Basa

Basa Krama
Ukara ingkang basanipun ngoko menika cobi kasalinana basa krama:
1. Simbah seneng ngrungokake keroncong lan langgam.
2. Aku tuku kaset campursari, sawise diwenehi dhuwit bapak.
3. Kasete dak tuduhake bapak banjur disetel.
4. Lelagon campursari iku disenengi wong tuwa lan enom.
5. Jaman saiki arang wong enom sing bisa nembang keroncong.
6. Wong ngrungokake nembang bisa kanggo nglelipur ati.
7. Keroncong iku asiling kabudayan Indonesia asli.
8. Sanajan bocah enom, aku uga seneng lelagon campursari.
9. Aja lali marang kabudayane dhewe sing adiluhung.
10. Wong manca uga akeh sing seneng tembang Jawa.




























Down Ribbon: EVALUASI AKHIR 




BSF Bakal Dikrembakake

              Adicara Bengawan Solo festival ( BSF) lan festival Bonraja kang taun iki kalorone mapan ing Taman Sriwedari bakal terus dikrembakaake dadi adicara kanggo mbabar, ndhudhah, ngleluri lan ngrembakakake Budaya kutha ing tlatah kutha solo. Miturut Dinas Pariwisata Seni lan Budaya kutha Solo, Handardono, sawetara dina kepungkur, udakara setaun pungkasan iki ing kutha Solo akeh papan kanggo ngrembakake seni tradisi. Kanyatan iki yen dijurung dening kawicaksanane pemerintah bakal mujudake kutha Solo minongka kutha budaya
                  Solo Pos, Kemis Kliwon 3 Januari 2008


C.    Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e ing wangsulan kang bener!

1)     Adicara BSF lan Festival Bon Raji kalaksanaake ana ing…..
                      a        Bengawan Solo
                      b        Sriwedari Solo
                      c        Sriwedari jogyakarta
                      d        Ngayogjakarta
                      e        Kali Bengawan

2)     “Udakara setahun pungkasan iki, kutha Solo akeh papan kanggo ngrembakake seni tradisi”                            Ukara kuwi kawedharake dening….
                      a        Solo Pos
                      b        Solo Festival
                      c        Pamarintah
                      d        Handardono
                      e        Festival Bon Raja

3)     Adicara BSF lan Festival Bon raja nduweni pangajab supaya…
                      a        Sriwedari dadi kutha budaya
                      b        Bon Raja dadi kutha budhaya
                      c        Bengawan dadi kutha budaya
                      d        Ngayogyakarta dadi kutha budaya
                      e        Solo dadi kutha budaya

4)     Pawarta ing ndhuwur kaemot ana ngendi?
                      a        Solo Festival 3 Januari 2008
                      b        Solo Pos 3 Januari 2008
                      c        Bon Raja Festival 3 Januari 2008
                      d        Sriwedari Festival 3 Januari 2008
                      e        Bengawan Solo 3 Januari 2008

Disemoni Radio
            Dina Setu 22 Januari kepungkur, aku karo T dolan menyang omahe kancaku. Olehku mertamu suwe banget. Karo omong aku mbatin, kok ora ana tandha-tandha yen arep metu suguhane. Ora ngerti ndadak saka njero omah ana swara radio seru banget” Saudara pendengar …sekarang akan kami hadirkan beberapa lagu…..sebagai penghantar minum teh….” Ngono mau swarane penyiar. Krungu swara penyiar mau aku lan T pandeng-pandengan. Sing duwe omah sajak tanggap sasmita. Ora wetara suwe sing wadon metu karo nggawa teh rong gelas lan suguhan.
Apa tumon, gara-gara disemoni radio …gorokan ora sida garing.
            Rembang, 25 September 2010
5)     Kapan kedadeyan kuwi kelakon?
                      a        22 September 2010
                      b        25 September 2010
                      c        22 Januari 2011
                      d        22 Januari 2010
                      e        25 September 2011

6)     Crita ing nduwur kalebu crita sing kepriye?
                      a        Mbingungake
                      b        Nganyelake
                      c        Nyedihake
                      d        Nyengsemake
                      e        Nggentunake

Muga-Muga Diparingi Eling
Dadi wong tuwa sing nduwe anak kelas VI SD, kelas IX SMP utawa kelas XII SMA padha mumet ,mikir kepriye carane nyekolahke anake menyang sekolahan sing dikepingini anake. Manawa kari mlebu sekolah jane ya neng endi-endi wahe bisa, nanging kadhang ora cocok karo kekarepane. “Bapak! Mangke kula mlebet SMP Karang Pucung mawon, nggih!“ omonge Novi sing lagi lulus SD 14 Gontawangi. “ Iya-iya….” Bapak mbombong-mbombongi. “Bapak, kula milih mlebu SMA 2 Purwokerto mawon nggih, soale sekolahanipun terkenal favorit,” guneme Gatot marang bapake. ”Ngrembuk bab napa, Kang? pitakone bapake Darmin…” Ngrembuk bab sekolah….”omonge Bapake Gatot.
“Lah keleresan niku,…. Critane kula niki ajeng nyuwun tulung kalih bapake Gatot.”
“Tulung apa, si?”
“Anak kula, Darmin kepengin mlebet ing SMA 103 Purwojati, nanging bijine niku mung pas-pasan. Rata-rata ujian gur gangsal…. Duka niku , Niku mawon sampun lumayan saged lulus!”
“Kuwi udu bisa lulus! Dilulusake….! Mesakake….”
“Lah niku , kajenge kula niku ajeng nyuwun tulung kalih Bapake Gatot, njenengan kan kenal kalih guru-guru SMA 103 Purwojati ngriku. Mulane tulunglah anak kula ben saged ketampi teng ngriku, soal amplop ... beres!
“ Oalah….oalah dudu perkara amplop sing marai beres….. sing mesti Darmin kon luru sekolahan alternatif. SMA 103 Purwojati gudhange wong pinter-pinter…mengko yen Darmin keponthal-ponthal malah stress angel olehe nambani.”
“ Apa amplop kula tambah? Setuju? Kula ngertos beres….!”.
”Kang…! Anggepe njenengan aku iku apa sih? Tak omongi, mesakake Darmin… yen arep nyogok sakmono akehe langsung wae karo kepala sekolahe! Syukur yen kepala sekolahe sipate padha karo njenengan, seneng dhuwit amplop sogok suap, lha yen kepala sekolahe kuwi wonge terpuji? Morale bener? Sida-sida njenengan didamprat mentah-mentahan!”
Sidane bapake Darmin bali ngluntung ora oleh gawe. Embuh kepriye akhire, kuwi urusane Bapake Darmin ….Muga-muga ben diparingi eling !
Kapethik saka Jaka Lodhang,
dening mas Guru
7)     Pachelathon ing nduwur nyeritakake bab apa?
          a        SMA 2 Purwokerto    
          b        Bapake Darmin
          c        Golek sekolah
          d        Bapake Gatot
          e        SMA 103 Purwojati

8)     Kepriye watake Bapake Darmin?
          a    Tukang nyogok             d. Apikan
          b    Tukang nggunem           e. sabar
          c    Tresna marang anake

9)     Piwulang sing bisa kapethik saka  “Muga-muga diparingi eling” yakuwi….
          a    Dadi wong kudu seneng srawung
          b    Dadi wong kudu sregep
          c    Dadi wong kudu tresna marang anak
          d    Dadi wong ojo seneng nyogok
          e    Dadi wong ojo seneng golek sekolahan

10)  Sapa wae sing lagi guneman ana ing pachelathon kuwi?
          a    Novi, Darmin , Bapake Gatot.
          b    Novi, Gatot , Darmin.Bapake Darmin.
          c    Novi, Gatot, bapake Gatot, bapake Darmin.
          d    Novi ,Bapake Gatot, Darmin, Gatot
          e    Novi, Gatot, Darmin, Bapake Gatot.

11)  Sapa sing bingung luru sekolahan?
          a    Novi
          b    Gatot
          c    Bapake Gatot
          d    Darmin
          e    Bapake Darmin.

12)  Ciri pokok wacan narasi yaiku….
a.     Nerangken crita ing sajroning prastawa
b.    Ana prastawa sing dialami
c.     Anan lelakon
d.    Anan paraga pokok
e.     Ananing kedadeyan

13)  Sing kalebu topik wacan narasi ing ngisor iki yaiku…
          a    Tamanku sing Asri
          b    Carane nggawe anglo
          c    Narkotika lan Miras Mbebayani Tumprap Kasarasan
          d    Ngrokok Kuwi Ngrisak Kesehatan
          e    Lelampahane Pangeran Diponegoro

14)  Dumugi titi wanci punika, mbok menawa dereng wonten ingkang manggihaken kwali dawa, kwali yen zaman rumiyin dipun damel saking siti, lajeng zaman saya majeng wonten ingkang kadamel saking panci lan ugi saking alumunium...panci email, lan panci alumunium. Nanging boten panjang. Dados inggih tetep bunder lan mawi tutup.
Tembung kang trep kanggo ngisi ukara gothang yaiku…
a.     Naminipun
b.    Kanyata
c.     Wujudipun
d.    Minangka
e.     Tuladha

15)  Lagi enak-enak nonton acara TV , Hpku muni ngganter. HP tak angkat, aku ndhisiki ngontak kana,” Halo apa iki bengkel mobil Kurnia? Swara wanita saka sabrang kana. “Iya, iki sapa?” Pitakonku.”
Aku …Ninik mas, Ninik Indriani. Mas Gun , aku njaluk tulung mas, mobilku    mogok ning cedhak lapangan desa Karang Endah.”
“Iya-iya, sabar sedhela, aku tak mangkat mrana.” Karo mlayokake pikepku, nganti ora tak rasa pikepku mbandhang satus kilometer per jam, merga dalane lurus tur wis rada sepi merga bengi. Bareng wis meh tekan cedhak lapangan desa Karang Endah, saka kadohan kena sorot lampu jauh pikepku, katon ana toyota kijang superkap ijo lumut mandheg neng suketan pinggir aspalan.
Sudhut pandhang perangan crita ing ndhuwur yaiku..
          a        Wong kapisan dadi paraga utama
          b        Wong kapisan dadi paraga sampingan
          c        Wong kapisan dadi pawongan katelu
          d        Pawongan katelu tunggal
          e        Pawongan kapisan dadi paraga kapindho

16)  Latar perangan crita ing nduwur yaiku….
          a    Wayah sore ing omah
          b    Wayah awan ing bengkel
          c    Wayah awan ing cedhak lapangan
          d    Wayah isuk ing cedhak lapangan
          e    Wayah bengi ing cedhak lapangan

17)  Ing ngisor iki sing dudu unsur intrinsik cerkak yaiku…
          a    Liding crita
          b    Pendhidhikan pengarang
          c    Paraga crita
          d    Latar
          e    Piwulang

18)  Dene alur crita cerkak ing nduwur, nganggo alur….
          a    Alur maju
          b    Alur Mundur
          c    Alur Campuran
          d    Alur maju-munduralur
          e    A lur Mundur-maju

19)  Kenengapa ninik kok nelpon mas Gun….
          a    Amarga wedi dewekan
          b    Amarga sepi
          c    Amarga mobile mogok
          d    Amarga kijange ijo
          e    Amarga lagi kenal Mas Gun

20)  Antok ndhepipis ing bangku pojok mburi. ”Aku wis kapok nglakoni iki. Suwe-suwe mesthi bakale konangan. Aku wedi yen ditokake saka sekolah iki. Aku ora arep njaluki dhuwite bocah kelas X maneh.”
Nilai sastra perangan crita ing dhuwur yaiku….
          a    Moral
          b    Etika
          c    Estetika
          d    Ekonomi
          e    Sosial

21)  “Lak ya wis ngrasakake larane kepriye ta,nok?
ya kuwi entuk-entukane yen bacah dikandani ora kena, malah nggugu karepe dhewe. Wis ,arep mbok kapakake motormu sing wis ajur kabeh kuwi!” Anik mung meneng, nanging sajroning atine getun.

Pesen ing perangan cerita ing dhuwur yaiku…
                      a        Seneng ugal-ugalan
                      b        Wong nandhur bakal ngundhuh
                      c        Alon-alon waton kelakon
                      d        Mikul dhuwur mendhem jero
                      e        Aja grusa-grusu

22)  “Bola-bali olehku kandha. Kowe kudu nyinau paramasastra jawa ta Nduk..!“ Paramasastra kuwi perlu, ora mung urip sing nganggo tatanan karangan ya duwe tatanan. Ukara ya duwe tatanan. Dadine wujud banjur bisa tumata. Paramasastra kuwi perlu”
“Sampun Eyang, sampun nate dalem sinau..””
“Disinau njur ditrapake pisan ora kok mung angger diwaca sabrebetan”
“Dadosipun mesthi sae inggih Yang ?
“ Upamane uwong dadi wong sing ngerti unggah-ungguh kae.”
Piwulang kang bisa kapethik saka perangan crita ing ndhuwur yaiku…..
                  a        Bocah kudhu sregep sinau
                  b        Bocah kudhu duwe tatanan
                  c        Bocah kudhu gelem sinau parama sastra
                  d        Bocah kudhu gelem sinau basa jawa
                  e        Bocah kudhu manut simbahe

23)  Dene watake eyang kepriye…..?
                  a        Wong kang seneng nesu
                  b        Wong kang iseh ngugemi parama sastra lan unggah ungguh basa
                  c        Wong kang seneng nggatekake putu
                  d        Wong kang sepuh
                  e        Wong kang sregep sinau

24)  Aku ngguyu mengo nyawang pasuryane. Socane sing saya riyip-riyip tinudung alis putih, rambut putih iki embahku lan krasa bungah aku krungu yen panjenengane wis tahu maos karanganku. Wis saged. maringi panacad.
Kepriye watake aku ana crita ing ndhuwur
                  a    Wong kang seneng dicacat
                  b    Wong kang seneng ngguyu
                  c    Wong kang tresna marang simbahe
                  d    Wong kang ala atine
                  e    Wong kang seneng nulis karangan lan gak nduwe lara ati

25)  Ukara ing ndhuwur sing nyengkuyung watake paraga katon ing….
                  a    Ngguyu ,mengo nyawang pasuryane
                  b    IKi embahku lan krasa bungah aku krungu yen panjenengane wis tau maos karanganku
                  c    Wis saget maringi panacad
                  d    Socane sing wis saya riyip-riyip
                  e    Tinudung alis putih, rambute putih.

Wacanen crita ing ngisor iki kanthi patitis! (soal no 26-30)
Jaka Bodho
Jaka Bodho luru kayu menyang alas. Kaya adat sabene, anggone tumandang gawe sinambi rengeng-rengeng. Kaya mengkono mau bisa nuwuhake rasa seneng. Emba kagete Jaka Bodho, bareng meruhi ana wanita ayu kang sumendhe ana sangisore wit gedhe. Wanita ayu kang kaya Dewi Ratih pindhane nuli dicedhaki banjur dibopong ,kagawa bali. Tekan ing ngomah, wanita mau diturokake ing senthong. Wayah surup ibune Jaka Bodho mambu ganda badheg, bareng digoleki tibake gandha mau asale saka awake wanita ayu iku. Ibune Jaka Bodho kandha yen wanita ayu mau wis mati , buktine ganda badheg mau asale saka wanita ayu kuwi. Jaka Bodho age-age mbopong wanita mau banjur  dikilekake menyang kali.
            Pirang pirang ndina udane nggrejeh. Jaka lagi lungguh sapengadhep karo ibune. Sakloron lagi ngoceki tela pohung arep digawe tape. Dumadakan ibune Jaka Bodho ngenthut ambune badheg banget. ”Aduh…Ibuku wis mati…ibuku wis mati…huuuu.” Jaka Bodho nangis ngguguk banjur mbopong ibune perlune arep dikelikake ing kali, bola-bali ibune oncat supaya dicolake nanging Jaka Bodho malah saya kenceng anggone nyekeli lan saya rikat anggone lumaku. Bareng tekan kali ibune dijorokake ing kali, plung lap. Stleraman ibune wis ora katon maneh.
26. Tuduhna yen Jaka Bodho kuwi pancen bodho!
a.     Joko Bodho ora sekolah gaweyane ing alas
b.    Joko Bodho ngewangi ibune ngoceki tela
c.     Joko Bodho mbopong wanita ayu
d.    Joko Bodho ngelikake wanita ayu menyang kali
e.     Joko Bodho Ngira yen wong ngenthut dikira wis mati

27. Dene alur crita rakyat ing nduwur , nganggo alur….
a.     Alur maju
b.    Alur Mundur
c.     Alur Campuran
d.    Alur maju-munduralur
e.     A lur Mundur-maju

28.  Kepriye uripe Jaka Bodho lan ibune ?
      a    Sedih
      b    Susah
      c    Bodho
      d    Seneng
      e    Ayem lan tentrem

29.  Pesen kang ana ing cerita rakyat kuwi yaiku…..
      a    Dadi wong aja seneng lunga alas
      b    Dadi wong aja seneng golek kayu ning alas
      c    Dadi wong kudhu pinter
      d    Dadi wong aja srakah
      e    Dadi wong aja gelem duwe anak bodho

30.  Kanangapa wanita ayu kuwi kok dibopong digawa menyang kali?
      a    Amarga lagi turu
      b    Amarga kepengen ndeleng kali
      c    Amarga arep dikelikake menyang kali
      d    Amarga wanita mau wes mati, banjur arep dikelikake menyang kali.
      e    Amarga arep raup ing kali.

31. Anak polah bapa kepradah. Yen ditulis mawa aksara jawa dadi…
   a. anakPlhb[pokep]fh
b. anakPlhbpkep]fh
c. an[kPolhbpkep]fh
d. ank\[polhbpkep]fh
e. ank\[polhb[pokep]fh
32.  Sluman , slumun , slamet. Yen tinulis nganggo aksara jawa yaiku ….
a. sÓ|masÓ|munsL[mt\
b. sÓ|mn\[slumun\sLamet\
c. sÓ|man\sÓ|mun\[sl[mt\
d. sÓ|mn\sÓ|mun\sLmet\
e. slumn\sÓ|mun\[sl[mt\
33. Sabar subur yen ditulis nganggo aksara jawa !
                a.sb/subu/
                b.fb/fubu/
                c.sbrsubu/
                d.fbrfubu/
                e.sbrsubu/
34.  Adigang, adigung , adiguna yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku !
                a.adig=adigu=adigun
                b.afig=afigu=afigun
                c.afigzadigu=adigun
                d.afig=afiguzadigun
                e.afig=adigu=afigun
35. je/bsukimw[by, yen tinulis aksara latin …
a.       Jer basuki mawa beya           
b.      Jer basuki mawa beyo
c.       Jer basuki mowo beya                          
d.      Jer basuki mowa beya
e.      Jer basuki mawo beyo

[fwipujwti
?[fwipujwtiaikuput][nbegwnBgsPti.fsnm[n[fwiset-wti,[fwiset-wtimpnHnpe/tpnH/[gobelh.[fwipujwtifipunF|tG/w[fni=r[f[nNor
[somlnF[fosP][msWriai=ngrmnF]k.
36. Irah-irahan wacan ing nduwur yaiku…
      a. Dewi Punawati
      b. Dewi Panuwali
      c. Dewi Pujawati
      d. Dewi Pojiwati
      e. Dewi pijuwani

37. Dewi Pujawati kuwi putrane sapa?
      a. Raden Narasoma
      b. Raden Janaka
      c. Bagawan Bagaspati
      d. Bagawan Abiyasa
      e. Raden Werkudara

38. Sapa garwane Dewi Pujawati?
      a. Raden Nakula
      b. Raden Janaka
      c. Raden Narasoma
      d. Raden Puntadewa
      e. Raden Werkudara

39. Dasanamane Dewi Pujawati yaiku….
      a. Dewi Setyawati
      b. Dewi Banuwati
      c. Dewi Surtikanti
      d. Dewi Erawati
      e. Dewi Arimbi

40. Dewi Pujawati dadi prameswari ono ing nagara……
      a. Argabelah
      b. Mandraka
      c. Pringgodani
      d. Mandura
      e. Madukara










Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 MATERI SESORAH     Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapak...