Senin, 02 September 2013

Pambagyaharja Upacara adat pengantin Jawa


Sambutan upacara  adat pengantin Jawa.

                  Tembung mantu bisa ditegesi duwe gawe ngomah-omahake anak, lumrahe anak wadon. Dimantu tegese diomah-omahake utawa dipalakramakake. Diarani diomah-omahake amarga mantu iku nyawijekake anak wadon lan pawongan lanang supaya manggon ing sawijine omah. Diarani palakrama, dumadi saka tembung wong kram kang tegese mlangkah. Dadi tembung palakrama mengku teges mlangkah tumuju menyang madyaning bebrayan anyar supaya bisa awoh kabagyan, kamulyan, lan katurunan. Mula saka iku, jaman biyen ing upacara majemuk utawa dhaup nganggo acara nglangkahi pasangan sapi utawa kebo.
Upacara adat penganten Jawa jaman biyen, wiwit saka ndhodhog kori nganti tekan ngundhuh mantu kabeh ditata. Amarga kabeh sarwa ditata, mula saben acara ana acara sesorah. Sesorah kang magepokan karo adat mantu iku cacahe akeh banget, yaiku:
1.       Atur nalika ndhodhog kori (nembung), biasane ora diwara-warakake
2.       Atur pasrah paningset lan atur panampa pasrah banyu siraman
3.       Atur pasrah banyu siraman lan atur panampa pasrah banyu siraman
4.       Atur pasrah calon penganten lanang ing acara midodareni lan atur panampane
5.       Atur pamitan ing acara midodareni lan atur waluyane
6.       Atur pasrah calon penganten lanang nalika arep ijab lan atur panampane
7.       Atur pasrah calon penganten lanang nalika arep majemuk/temu lan atur panampane
8.       Atur pasrah penganten sarimbit nalika ngundhuh mantu (sepasaran) lan atur panampane
Atur pambagyaharja ing acara siraman, midodaren, majemuk, utawa ing pahargyan,lsp




Sambutan dalam bentuk pasrah panganten atau panampi pasrah panganten.
Ing ngarep mau wis diterangake werna-wernaning sesorah ing acara adat penganmten Jawa. Ing antarane sesorah mau ana acara pasrah penganten lanang lan panampa pasrah penganten lanang.
Pasrah penganten lanang ana kang dileksanakake nalika acara midodareni yaiku ing wengi sadurunge acara ijab lan majemuk ditindakake. Ana uga kang adani sadurunge acara ijab kabul, lan uga ana kang dileksanakake sadurunge acara panggih utawa majemuk.
Pasrah calon penganten ing acara midodareni wektune beda karo wektu panggih, mula tetep kudu diadani, dene pasrah calon penganten ing acara ijab lan acara panggih biasane ana ing wektu kang padha. Ijab kobul adakane diterusake acara panggih, utawa yen arep diadani ing sadurunge panggih, becike ora susah dipasrahake sadurunge ijab kabul. Kaya mangkono iku mung kanggo ngringkes wektu bae, nanging yen arep dileksanakake loro-lorone ya ora apa-apa.
Cengkorongan sesorah pasrah penganten utawa nampa pasrah penganten ing upacara adat Jawa, lumrahe kaya kasebut ing ngisor iki.
1.       Salam pambuka
2.       Pakurmatan
3.       Puji syukur marang Gusti Allah
4.       Nepungake dhiri kang sesorah
5.       Atur salam taklim/kawilujengan rombongan pengiring calon manten
6.       Wigatining sedya, yaiku masrahake calon penganten lanang saubarampene
7.       Pamuji utawa pangarep-arep
8.       Panyuwunan pangapura tumrap kaluwarga calon penganten lanang
9.       Panyuwunan pamit (yen mengkone ora ana acara pamitan)
10.   Panutup (panyuwunwn pangapura tumrap kang sesorah: masrahake/ nampa)
11.   Salam panutup.

PASRAH PANAMPI MANTEN


Micara
Ngandharake/nindakake sesorah pasrah panampi ing pahargyan dhauping temanten Jawa.
Sawijining acara kang diarani tanggap wacana sajroning pahargyan manten yaiku atur pasrah lan panampi pasrah temanten. Pasrah temanten kakung katindaaken dening kluwarga besan, dene panampi pasrah dening ingkang hamengku gati/ sing duwe gawe.  
Tuladhane pasrah lan panampi:
Besan                                                : Bp./Ibu Sardjono
Ingkang hamengku gati     : Bp./Ibu Sarjito
Temanten kakung               : Bagus Sudibyo, ST
Temanten putri                     : Rr. Salindri, SE
Ingkang pasrah                    : Daryatmo
Ingkang nampi pasrah        ; Bp. Sadono
Wiwahan                               : dinten Minggu, 11 Desember 2012
Tuladha Pasrah
Nuwun,
Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian. Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Bapak Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken temanten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing Kuripan Purwodadi ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2012 badhe kadaupaken kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika temanten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksananing sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami
Nuwun matur nuwun.

Tuladha Nampi Pasrah Temanten

Nuwun /kula nuwun,
Katur dhumateng Bp. Daryatmo ingkang kinormatan. Kula ing mriki minangka sulih sariranipun Bp. Sarjito sekaliyan, titiwanci punika mundhi dhawuhipun kinen nampi saha hananggapi menggah rawuh panjenengan.
Ingkang punika langkung rumiyin kula munjukaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene hawit saking paringipun berkah lan pangayomanipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing mriki kanthi wilujeng.
Dene punapa ingkang dados wigatinipun, ing ngejeng sampun panjenengan dhawuhaken, wiwit purwa ngantos wasana kados mboten kirang trewaca malih menggah panampi kula, inggih punika salam taklim saking Bapak Sarjono sekaliyan sampun kula tampi lan badhe kula aturaken dhumateng Bapak Sarjito sekaliyan, samanten ugi Bapak Sarjito sekaliyan ngaturaken salam kawilujengan mugi katur Bapak Sadjono sekaliyan, salajengipun pasrah panjenengan temanten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, kula tampi kanthi suka bingahing manah, lan enggal badhe kapanggihaken kaliyan Rr. Salindri, SE putra putirinipun Bapak Sarjito sekaliyan. Dhumateng Bapak Daryatmo sapangombyong, sasampunipun dhauping temanten ing mangke kula suwun lenggah ngestreni saha hanjenengi wiwahan punika ngantos paripurna.
Semanten atur panampi kula, manawi wonten galap gangsuling atur mugi keparenga paring pangapura.
Matur nuwun.









Negesi tembung
NO
TEMBUNG
TEGES
PILIHAN
1
Sulih sarira
........................................
Terlaksana keinginan
2
Wigatining sowan
........................................
Perlindhungan
3
Nglarapaken
........................................
Ngemban tugas
4
Jejibahan
........................................
Kasil/kalakon
5
Kaleksananing sedya
........................................
Terserah
6
Mundhi dhawuh
........................................
Anak
7
Nampi
........................................
Pentinge mara
8
Pengayoman
........................................
Wakil
9
Kasembadan
........................................
Omahe
10
Borong
........................................
Tugas
11
Atmaja
........................................
Kurang genep
12
Pidalem
........................................
Sopan
13
Kapasrahaken
........................................
Ngeterke
14
Wasana
........................................
Seneng
15
Tunadungkap
........................................
Ati seneng
16
Trapsila
........................................
nunggoni
17
Sapangombyong
........................................
Pungkasane
18
Suka
........................................
Nampa
19
Bingahing manah
........................................
Sapangiring/rombongan
20
Ngestreni
........................................
Dipasrahke

Gladhen
1.    Paragakna tuladha kasebut kanthi luwes gilir gumanti.
2.    Wenehana panyaruwe kaendahan utawa kang kurang pas.
3.    Wenehana tuladha sing luwih sampurna sauwise ngerteni kurange.

C.   Kawruh Budaya
Urut-urutaning adat pahargyan manten.
1.    Penganten putri tumuju dhampar temanten.
2.    Penganten kakung tumuju madyaning pawiwahan.
3.    Pasrah-panampi.
4.    Temanten panggih banjur lenggah.
5.    Upacara adat:
-       Timbangan
-       Kacar kucur
-       Dulangan
-       Sungkeman
-       Mbedhudhukan/ beksan, menawa mantu mbarep, ragil, utawa tunggal.
6.    Kirab temanten 1, lampahing temanten tumuju panti busana ganti busana kasatriyan
7.    Kirab temanten 2, lampahing temanten saka panti busana tumuju dhampar temanten
8.    Sabdatama/ ular-ular/ khotbah temanten
9.    Poto-poto
10. Temanten mapan ing gapura pawiwahan pratandha pawiwahan purna  

 MATERI SESORAH     Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapak...