Minggu, 15 Maret 2020

Materi iklan kelas XI semester 2

Pengertian dan jenis-jenis iklan dalam bahasa Jawa.


IKLAN
Iklan yaiku kegiatan menehi informasi bab barang lan jasa sing migunaake media massa online utawa offline.
Iklan nduweni paugeran, yaiku:
1)   Iklan migunaake media massa kanggo masifikasi layang.
2)   Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi.
3)   Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
4)   Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe.
Jenis-jenise iklan, yaiku :
A.      Iklan sing nganggo dasar tujuan
1.    Iklan Informatif
Iklan informatif yaiku, iklan kang nduweni paugeran :
a)         Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana.
b)        Njelasno cara kerja pproduk.
c)         Menehi infrmasi harga lan kemasan produk
d)        Ngoreksi produk
Tuladhane iklan informatif yaiku iklan hp Sony Ericsson Z550i, iklan Dji Sam Soe, iklan Coca Cola.
2.    Iklan Persuasif
Iklan persuasif nduweni paugeran,yaiku :
a)         Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
b)        Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
c)         Nganjurno kalayak tuku.
d)        Ngubah persepsi konsumen.
e)         Mbujuk khalayak tuku saiki.
Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon Printer PIXMA iP1200.
3.    Iklan reminder
Iklan reminder nduweni paugeran, yaiku :
a)         Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b)        Ngilingno konsumen tuku produk iku.
c)         Njaga kesadaran produk.
d)        Njalin hubungan apik karo kosumen.
Tuladha : iklan Vita Zone, iklan Hotel Santika Malang, iklan Simpati Jitu.
B.       Iklan umum
1.    Iklan Tanggung Jawab Sosial
Iklan tanggung jawab sosial, yaiku iklan kang nduweni tujuan nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : iklan anjuran, lan iklan penggambaran sosial.
2.    Iklan Bantahan
Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan iki yaiku ndheleh komunikator  gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan iklan bantahan yaiku: ngilimisi iklan kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.


3.    Iklan Pembelaan
Iklan pembelaan yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku iklan kang kaiket karo hak paten.
4.    Iklan Perbaikan
Iklan perbaikan yaiku iklan kanggo mbenakno layang-layang  bab hal kang wes kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain iklan iki yaiku iklan ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang bener.
5.    Iklan Keluarga
Iklan keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange  pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Iklan keluarga biasane luwih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane.
C.       Iklan khusus
1.    Iklan kang nganggo dasar media kang digunakake :
a)         Iklan Cetak yaiku iklan kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane, yaiku: iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan spanduk, lan liya-liyane.
b)        Iklan Elektronik yaiku iklan kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.
2.    Iklan kang nganggo dasar tujuan iklan :
a)         Iklan Komersial yaiku iklan bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan, yaiku iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan iklan kanggo profesional.
b)        Iklan Non Komersial yaiku iklan kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik khalayak.


3.    Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :
a)         Iklan Politik.
b)        Iklan Pendidikan.
c)         Iklan Kesehatan.
d)        Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.
e)         Iklan Pariwisata.
f)         Iklan hiburan.
g)        Iklan Olah Raga.
h)        Iklan Hukum.
i)          Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.
j)          Iklan Duka Cita.
k)        Iklan Perkawinan.
l)          Iklan panganan lan ombean.
m)      Iklan Otomotif.
n)        Iklan lingkungan Hidup.
o)        Iklan Media.
4.    Iklan kang nganggo dasar komunikatore
a)         Iklan Personal.
b)        Iklan Keluarga.
c)         Iklan Instusi.
5.    Iklan kang nganggo dasar cakupan
a)         Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.
b)        Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.
c)         Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.
d)        Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih saka siji negara.


6.    Iklan kang nganggo dasar fungsi
a)         Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo  informasi kanggo khalayak.
b)        Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake penggawean.
c)         Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak ngerti lan nduwe pengetahuan.
d)        Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.

Tuladha iklan basa Jawa




Gladhen !
1. Gaweya tuladha iklan basa Jawa bab pentinge jaga kesehatan/kasarasan awak!
2. kirim tugas kasebut mawi email : finnaningrum.gmail.com utawa WA ing nomer Bu Finna !


Rabu, 10 Oktober 2018

Rabu, 05 April 2017

Cerita Rakyat

Mendengarkan cerita Rakyat

Kompetensi Dasar
Mendengarkan cerita rakyat yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman
Indikator :
1.      Menyebutkan ciri-ciri cerita rakyat
2.      Menemukan unsur  intrinsik cerita rakyat
3.      Menceritakan kembali isi cerita.
4.      Memberi tanggapan secara lisan terhadap isi cerita.

Tujuan Pembelajaran :
1.      Menyebutkan ciri-ciri cerita rakyat
2.      Menemukan unsure intrinsic cerita rakyat
3.      Menceritakan kembali isi cerita.
4.      Memberi tanggapan secara lisan terhadap isi cerita.

Materi Pembelajaran

Crita rakyat yaiku crita kang wis sumebar ing masyarakat, kang cacahe ora bisa kapetung, ora cetha kala mangsane, ora bisa dilari sapa sejatine sing nganggit.
Crita rakyat bisa kaweruhi nganti saprene amarga kadongengake liwat lathi menyang lathi, turun temurun saka mbah buyut tekan saanak putune.
Dene ciri kang bisa dipethil saka crita rakyat kang ana, yaiku :
1.      Anonim, ora diweruhi sapa sejatine kang nganggit
2.      Kolektiif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng
3.      Statis, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman biyen menyang  jaman saiki
4.      Imajiner, nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane
5.      Ngemu tuladha, nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha
Tema kang diangkat ana ing crita rakyat kayata :
1.      Legenda ( asal usule papan panggonan )
2.      Fabel ( Crita donyaning  kewan )
3.      Crita dewa-dewi
4.      Crita Bathara    
5.      Crita becik katandhingake tumindak ala/durjana

Tuladha Crita Rakyat :

Sendang Sani
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine pada nuju padhepokan Sunan Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar pisan. ” kayane wis tekan Kadhipaten Pati Pesantren, sedela maneh tekan Padhepokan Muria,” ngendikane Sunan Kalijaga marang murid-muride.
Nalika wanci sholat dzuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sangisore wit gedhe, banjur mrentah Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudlu. Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.
Weruh murid-muride padha bingung, Sunan Kalijaga karo mesem ngendika, ” Ki Rangga becike awake dhewe nyuwun marang gusti. Banjur jaganen wit iki muga-muga ana sumber kang mili. Nanging elingana kedadean apa wae kang ana ing kene, kuwi kersane gusti. Aja padha lali yen ana kadadean apa wae, enggal kabarna marang aku ing samburine grumbul iku” ature Sunan Kalijaga.
Ki Rangga lan kanca-kanca padha nunggu wit kuwi nganti keturon. Bareng tangi klambine padha teles kebes amarga panggonan mau wis kebak banyu. Saking senenge, Ki Rangga lan kanca-kancane padha lali karo welige Sunan Kalijaga. Ki Rangga lan kanca-kancane padha ciblon.
Sunan Kalijaga bali meneh menyang papan mau. Ngerti polahe Ki Rangga, Sunan Kalijaga ketrucut ngendikan ”Ki Rangga isih eling karo welingku, apa wae kedadean ing kene kabarna marang aku, ora malah langen kaya bulus.”
Sanalika Ki Rangga lan kanca-kancane padha dadi bulus. Sunan Kalijaga ora sida wudlu amarga banyune wis reged kena sisane Ki Rangga lan kanca-kancane. Mula papan mau diarani Sendang Sani saka kedadean Sunan Kalijaga kang murungake niyate wudlu marga disisani utawa didhisiki Ki Rangga. Papan mau kurang luwih telung kilometer sisih lor Kutha Pati.

Gladhen
1.      Temokna unsur intrinsik kang ana ing sajerone crita rakyat mau!
2.      Amanat apa kang bisa ditemokake ana ing crita mau?
3.      Tutupa bukumu, nuli critakna meneh crita Sendang Sani mau ing ngarep kelas!

Garapan Omah
1.      Saben wewengkon duwe crita kang diarani crita rakyat. Critakna salah sijining crita rakyat kang ana ing sakupeng desamu dhewe-dhewe!
2.      Coba, golekna crita rakyat legenda kedadeane Kutha Rembang.

Senin, 02 Desember 2013

PITUTUR LUHUR ING TANAH JAWA


MATERI PEMBELAJARAN

  1. PITUTUR LUHUNG ING TANAH JAWA
Budaya jawa ngono ora mung moncer ing babagan wujude sing akeh lan maneka warna (kayata: wayang, kethoprak, ludruk, sintren, jinis-jinis tarian, gendhing-gendhing jawa lsp.). ananging uga kebak piwulangan kang ngemu pitutur luhur. Utamane ana pawayangan.
Pitutur luhur kang kinandhut ana kabudayan kuwi ing antaraning ing ngisor iki.
  • Ambeg, adil paramarta, memayu hayuning bawana
Ana tanah Jawa, ana kapitayan ngenani  pulung utawa wahyu cakraningrat. Iki gegayutan karo satunggaling panguwasa utawa kekuasaan. Pulung kuwi diyakini mung ana ing sijining pawongan ora angger pawongan antuk utawa nduweni pulung. Mula saka kuwi, pawongan kang ketiban pulung kudune nggunakake kanthi becik, pawongan kuwi nduweni kuwajiban moral njejegake katentremaning negeri.
Ambeg adil paramarta, memayu hayuning bawana nduweni teges dadi panguwasa kuwi kudu bisa laku adil, ora pilih kasih, lan tansah njaga katentremaning praja. Kanggo bab-bab tertemtu panguwasa kuwi bisa uga nduweni patrap sing kontroversial. Tuladhane dialami Sumantri kang kudu milih loro bab kang angel banget.  Kudu ngabdi negara apa milih mateni adhine, Sukrasana (lakon wayang Sumantri ngenger)

  • Laku hambeging kisma
Tegese panguwasa/pimpinan kuwi kudu welas asih marang sapa wae. Kisma tegese lemah, lemah kuwi sapa wae sing ngidak-ngidak, ora kabeda-bedakake kabeh ditresnani.
  • Laku hambeging tirta
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu adil kaya bayu kang tansah warata ndhuwure. Yen adil iki dijejegakebisa dadi pepadhang lan bisa ngresiki regedan. Bayu kuwi ora tau tumindak ban cinde ban ciladan (pilih kasih).
  • Laku hambeging dahana
Tegese dadi pimpinan utawa panguwasa kudu teges, ora ingah-ingih, kaya geni kang panas mbakar apa wae.  Ananging kudu ditimbang-timbang adhedhasar akal sehat, saengga tumindake kuwi bisa ditangggungjawabi.
  • Laku hambeging samirana
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu teliti niing ngendi wae. Apik alane kahanane rakyat lan negara kudu dimangerteni.
  • Laku hambeging samodra
Tegese panguwasa kudune sugih pangapura, kaya dene ambane samodra.
  • Laku hambeging surya
Tegese panguwasa utawa pimpinan kudu nduwe inspirasi kaya dene srengenge kang amadhangi alam donya saisine.
  • Laku  hambeging candra
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu bisa madhangi ning ora manasake, kaya dene sunare mbulan.
  • Laku hambeging kartika
Tegese panguwasa kuwi kudu nduweni kapitayan dhiri, istilahe wong saiki percaya dhiri utawa confidance. Ora ketang ana sajroning awake nduwene cacad utawa kekurangan. Dipindhakake kartika/lintang ing langit, sandyan cilik nanging tetep sumunar hamadhhangi petenging wengi.
  • Tatas titis tatag tutug
Tegese ddadi panguwasa kudu nduweni watak kang teliti utawa titi saben ngadhepi perkara. Titis tegese tepat ora tau geseh, yen nggarap samubarang ora tau geseh wektune.  Tatas tegese tuntas ora tau mangkrak utawa separo-paro, tatag tegese tahan utawa ora grusa-grusu, ora sembrono. Tutug tegese rampung.



  • Gemi nastiti ngati-ati
Gemi nduweni teges hemat ora boros, lan prasaja. Gemi beda karo medhit utawa cethil. Nastiti kuwi ditujokake marang pawongan kang nduweni patrap gemi. Dene ngati-ati tegese ngadohi resiko sing paling ala lan ora ngepenakake sapa wae.
  • Gotong royong gugur gunung
Tegese samubarang pakaryan ditandangi kanthi bareng-bareng, disangga wong akeh. Mesthine bakal cepet rampung lan entheng sanggane.
  • Mikul dhuwur mendhem jero
Mikul dhuwur tegese bisa nggawe arum utawa wangi asmane wong tuwa, dene mendhem jero tegese bisa nutupi utawa nasabi cacad utawa kekurangane wong tuwa.
Miturut Siti Hardiyanti (1991)  idiom utawa bab-bab kang magepokan klawan  pangitutur luhur kang sumbere saka budaya jawa yakuwi:
  • Kudu angon wektu
  • Tumindak aja nganti getun mburine
  • Gawe rusak ora becik, dene gawe rusaking mungsuh dudu barang kang aneh
  • Mungsuh sing wiis nungkul aja dipateni
  • Sing sapa arep menange dhewe, kuwi nemahi cilaka
  • Sing sapa gelem mbuwang ilmu karang bakal nemoni kabecikan
  • Sing sapa gawe seriking liyan , kuwi uga arep nemahi cilaka
  • Sing sapa seneng udur, kuwi bakal kena bebendu dening Pangeran
  • Sing sapa seneng gawe nelangsaning liyan, iku ing tembe bakal kena piwales saka penggaweane dhewe
  • Sira kudu mituhu marang pitutur kang bener
  • Lamun sira seneng dialem wae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
  • Muring-muring kuwi dalane antuk pepeteng, mula sapa sing seneng muring ora bakal antuk pepadhangangrembuge kang perlu kawala
  • Golek kanca sing padha tujuane
  • Aja gawe seriking liyan
  • Aja golek mungsuh
  • Aja wani marang leluhur, jalaran leluhur iku kagolong bathara
  • Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwis
  • Aja kaget lan gumun samubarang gelaring ndonya
  • Aja nguber hawa nepsu mundhak sesngsara uripe
  • Aja dumeh
  • Siya
  • Aja ngece wong ora duwe
  • Aja gegedhen rumangsa
  • Aja kumalungkung
  • Aja kamingsun
  • Aja dhemen cidra
  • Aja munasika kawan
  • Aja gumedhe
  • Aja tumindak rusuh
  • Aja ngrusak pager ayu
  • Aja drengki
  • Aja keminter
  • Aja karemann
  • Aja ambeg siya
  • Aja gegedhen rumangsa
  • Aja nggege mangsa
  • Aja nampik rezeki
  • Aja dawa tangal lan liya-liyane.

Unggah ungguh basa jawa

  Unggah-Ungguh lan Undha Usuk Basa Jawa Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh basa, iki sing mbedakake basa Jawa klawan basa Liyane. Undha...