Minggu, 15 Maret 2020

TUGAS BAB PANATACARA KELAS X GENAP

Materi Kelas X semester genap

bab Panatacara

Pangertene Panatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka panatacara pambywara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean gehde dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing  acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan).
2.    Perangan teks panatacara
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe  ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:
a.    Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
b.    Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad
c.    Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
d.    Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
e.    Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
f.     Salam penutup.

3.    Unsur-unsur panatacara
Sarat Panatacara
Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:
a.    Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
b.    Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
c.    Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
d.    Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.
e.    Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
f.     Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa
g.    Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman

4.    Teknik maca panatacara
Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.
1)    Nggunakake pangucap kang trep
2)    Pamedhote ukara kang trep
3)    Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4)    Ngreteni tandha wacan kanthi trep
5)    Swara kang cetha
6)    Ngatur alon lan cepete pamaca
7)    Ngolah treping mlebu wetuning napas
8)    Mahami wacan
9)    Percaya marang dhiri pribadi

5.    Tuladha teks panatacara
PAHARGYAN PENGANTEN
Ass. Wr. Wb
Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.
Nuwun, para sesepuh,  para  pinisepuh  ingkat  dahat  kinabekten.  Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.
Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.
Dene  wigatosing  sedya,  Bapak…….sekaliyan  kersa  mahargya  putra penganten sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha  nakmas…………, putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..
Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..
Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.
a.    Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.
b.    Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.
c.    Ndhungkap adicara  ingkang  kaping tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.
d.    Kalajengaken  adicara  ingkang  kaping  sekawan  inggih  menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.
e.    Tataran adicara ingkang kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.
f.     Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Para  rawuh  ingkang  dahat  kinurmatan,  minangka  pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para  rawuh  ingkang  ngrasuk  agama  sanes,  kula  sumanggakaken  miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.


Tugas 1
LEMBAR KERJA SISWA

I.      Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1.    Hamedhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….
a.    wara-wara             d. pranatacara
b.    pambagyaharja     e. dhagelan
c.    pasrah                  
2.    Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan : 
Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.
Para tamu kakung putrid ingkang winantu ing pakurmatan.
Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….
a.    pambuka
b.    surasa
c.    basa
d.    panutup
e.    ringkesan
3.    Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….
a.    penganten putri                             d. panata cara
b.    penganten lanang                         e. pambyawara
c.    sesulih kang duwe gawe

4.    Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….
a.    salam pambuka                            d. panutup
b.    pambuka                                       e. salam panutup
c.    surasa                              
5.    Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ….
a.    salam pambuka                c. surasa                     e. salam panutup
b.    pambuka                           d. panutup      

Tugas 2

II.    Tindakna dhawuh iki!
1.    Gaweya tuladha panatacara acara pahargyan perpisahan sekolah!

~~~~~~~~matur Nuwun   Sugeng Makarya~~~~



Materi iklan kelas XI semester 2

Pengertian dan jenis-jenis iklan dalam bahasa Jawa.


IKLAN
Iklan yaiku kegiatan menehi informasi bab barang lan jasa sing migunaake media massa online utawa offline.
Iklan nduweni paugeran, yaiku:
1)   Iklan migunaake media massa kanggo masifikasi layang.
2)   Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi.
3)   Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
4)   Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe.
Jenis-jenise iklan, yaiku :
A.      Iklan sing nganggo dasar tujuan
1.    Iklan Informatif
Iklan informatif yaiku, iklan kang nduweni paugeran :
a)         Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana.
b)        Njelasno cara kerja pproduk.
c)         Menehi infrmasi harga lan kemasan produk
d)        Ngoreksi produk
Tuladhane iklan informatif yaiku iklan hp Sony Ericsson Z550i, iklan Dji Sam Soe, iklan Coca Cola.
2.    Iklan Persuasif
Iklan persuasif nduweni paugeran,yaiku :
a)         Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
b)        Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
c)         Nganjurno kalayak tuku.
d)        Ngubah persepsi konsumen.
e)         Mbujuk khalayak tuku saiki.
Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon Printer PIXMA iP1200.
3.    Iklan reminder
Iklan reminder nduweni paugeran, yaiku :
a)         Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b)        Ngilingno konsumen tuku produk iku.
c)         Njaga kesadaran produk.
d)        Njalin hubungan apik karo kosumen.
Tuladha : iklan Vita Zone, iklan Hotel Santika Malang, iklan Simpati Jitu.
B.       Iklan umum
1.    Iklan Tanggung Jawab Sosial
Iklan tanggung jawab sosial, yaiku iklan kang nduweni tujuan nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : iklan anjuran, lan iklan penggambaran sosial.
2.    Iklan Bantahan
Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan iki yaiku ndheleh komunikator  gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan iklan bantahan yaiku: ngilimisi iklan kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.


3.    Iklan Pembelaan
Iklan pembelaan yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku iklan kang kaiket karo hak paten.
4.    Iklan Perbaikan
Iklan perbaikan yaiku iklan kanggo mbenakno layang-layang  bab hal kang wes kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain iklan iki yaiku iklan ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang bener.
5.    Iklan Keluarga
Iklan keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange  pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Iklan keluarga biasane luwih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane.
C.       Iklan khusus
1.    Iklan kang nganggo dasar media kang digunakake :
a)         Iklan Cetak yaiku iklan kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane, yaiku: iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan spanduk, lan liya-liyane.
b)        Iklan Elektronik yaiku iklan kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.
2.    Iklan kang nganggo dasar tujuan iklan :
a)         Iklan Komersial yaiku iklan bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan, yaiku iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan iklan kanggo profesional.
b)        Iklan Non Komersial yaiku iklan kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik khalayak.


3.    Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :
a)         Iklan Politik.
b)        Iklan Pendidikan.
c)         Iklan Kesehatan.
d)        Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.
e)         Iklan Pariwisata.
f)         Iklan hiburan.
g)        Iklan Olah Raga.
h)        Iklan Hukum.
i)          Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.
j)          Iklan Duka Cita.
k)        Iklan Perkawinan.
l)          Iklan panganan lan ombean.
m)      Iklan Otomotif.
n)        Iklan lingkungan Hidup.
o)        Iklan Media.
4.    Iklan kang nganggo dasar komunikatore
a)         Iklan Personal.
b)        Iklan Keluarga.
c)         Iklan Instusi.
5.    Iklan kang nganggo dasar cakupan
a)         Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.
b)        Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.
c)         Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.
d)        Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih saka siji negara.


6.    Iklan kang nganggo dasar fungsi
a)         Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo  informasi kanggo khalayak.
b)        Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake penggawean.
c)         Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak ngerti lan nduwe pengetahuan.
d)        Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.

Tuladha iklan basa Jawa




Gladhen !
1. Gaweya tuladha iklan basa Jawa bab pentinge jaga kesehatan/kasarasan awak!
2. kirim tugas kasebut mawi email : finnaningrum.gmail.com utawa WA ing nomer Bu Finna !


Rabu, 10 Oktober 2018

Rabu, 05 April 2017

Cerita Rakyat

Mendengarkan cerita Rakyat

Kompetensi Dasar
Mendengarkan cerita rakyat yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman
Indikator :
1.      Menyebutkan ciri-ciri cerita rakyat
2.      Menemukan unsur  intrinsik cerita rakyat
3.      Menceritakan kembali isi cerita.
4.      Memberi tanggapan secara lisan terhadap isi cerita.

Tujuan Pembelajaran :
1.      Menyebutkan ciri-ciri cerita rakyat
2.      Menemukan unsure intrinsic cerita rakyat
3.      Menceritakan kembali isi cerita.
4.      Memberi tanggapan secara lisan terhadap isi cerita.

Materi Pembelajaran

Crita rakyat yaiku crita kang wis sumebar ing masyarakat, kang cacahe ora bisa kapetung, ora cetha kala mangsane, ora bisa dilari sapa sejatine sing nganggit.
Crita rakyat bisa kaweruhi nganti saprene amarga kadongengake liwat lathi menyang lathi, turun temurun saka mbah buyut tekan saanak putune.
Dene ciri kang bisa dipethil saka crita rakyat kang ana, yaiku :
1.      Anonim, ora diweruhi sapa sejatine kang nganggit
2.      Kolektiif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng
3.      Statis, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman biyen menyang  jaman saiki
4.      Imajiner, nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane
5.      Ngemu tuladha, nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha
Tema kang diangkat ana ing crita rakyat kayata :
1.      Legenda ( asal usule papan panggonan )
2.      Fabel ( Crita donyaning  kewan )
3.      Crita dewa-dewi
4.      Crita Bathara    
5.      Crita becik katandhingake tumindak ala/durjana

Tuladha Crita Rakyat :

Sendang Sani
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine pada nuju padhepokan Sunan Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar pisan. ” kayane wis tekan Kadhipaten Pati Pesantren, sedela maneh tekan Padhepokan Muria,” ngendikane Sunan Kalijaga marang murid-muride.
Nalika wanci sholat dzuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sangisore wit gedhe, banjur mrentah Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudlu. Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.
Weruh murid-muride padha bingung, Sunan Kalijaga karo mesem ngendika, ” Ki Rangga becike awake dhewe nyuwun marang gusti. Banjur jaganen wit iki muga-muga ana sumber kang mili. Nanging elingana kedadean apa wae kang ana ing kene, kuwi kersane gusti. Aja padha lali yen ana kadadean apa wae, enggal kabarna marang aku ing samburine grumbul iku” ature Sunan Kalijaga.
Ki Rangga lan kanca-kanca padha nunggu wit kuwi nganti keturon. Bareng tangi klambine padha teles kebes amarga panggonan mau wis kebak banyu. Saking senenge, Ki Rangga lan kanca-kancane padha lali karo welige Sunan Kalijaga. Ki Rangga lan kanca-kancane padha ciblon.
Sunan Kalijaga bali meneh menyang papan mau. Ngerti polahe Ki Rangga, Sunan Kalijaga ketrucut ngendikan ”Ki Rangga isih eling karo welingku, apa wae kedadean ing kene kabarna marang aku, ora malah langen kaya bulus.”
Sanalika Ki Rangga lan kanca-kancane padha dadi bulus. Sunan Kalijaga ora sida wudlu amarga banyune wis reged kena sisane Ki Rangga lan kanca-kancane. Mula papan mau diarani Sendang Sani saka kedadean Sunan Kalijaga kang murungake niyate wudlu marga disisani utawa didhisiki Ki Rangga. Papan mau kurang luwih telung kilometer sisih lor Kutha Pati.

Gladhen
1.      Temokna unsur intrinsik kang ana ing sajerone crita rakyat mau!
2.      Amanat apa kang bisa ditemokake ana ing crita mau?
3.      Tutupa bukumu, nuli critakna meneh crita Sendang Sani mau ing ngarep kelas!

Garapan Omah
1.      Saben wewengkon duwe crita kang diarani crita rakyat. Critakna salah sijining crita rakyat kang ana ing sakupeng desamu dhewe-dhewe!
2.      Coba, golekna crita rakyat legenda kedadeane Kutha Rembang.

Unggah ungguh basa jawa

  Unggah-Ungguh lan Undha Usuk Basa Jawa Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh basa, iki sing mbedakake basa Jawa klawan basa Liyane. Undha...