Senin, 02 Desember 2013

PITUTUR LUHUR ING TANAH JAWA


MATERI PEMBELAJARAN

  1. PITUTUR LUHUNG ING TANAH JAWA
Budaya jawa ngono ora mung moncer ing babagan wujude sing akeh lan maneka warna (kayata: wayang, kethoprak, ludruk, sintren, jinis-jinis tarian, gendhing-gendhing jawa lsp.). ananging uga kebak piwulangan kang ngemu pitutur luhur. Utamane ana pawayangan.
Pitutur luhur kang kinandhut ana kabudayan kuwi ing antaraning ing ngisor iki.
  • Ambeg, adil paramarta, memayu hayuning bawana
Ana tanah Jawa, ana kapitayan ngenani  pulung utawa wahyu cakraningrat. Iki gegayutan karo satunggaling panguwasa utawa kekuasaan. Pulung kuwi diyakini mung ana ing sijining pawongan ora angger pawongan antuk utawa nduweni pulung. Mula saka kuwi, pawongan kang ketiban pulung kudune nggunakake kanthi becik, pawongan kuwi nduweni kuwajiban moral njejegake katentremaning negeri.
Ambeg adil paramarta, memayu hayuning bawana nduweni teges dadi panguwasa kuwi kudu bisa laku adil, ora pilih kasih, lan tansah njaga katentremaning praja. Kanggo bab-bab tertemtu panguwasa kuwi bisa uga nduweni patrap sing kontroversial. Tuladhane dialami Sumantri kang kudu milih loro bab kang angel banget.  Kudu ngabdi negara apa milih mateni adhine, Sukrasana (lakon wayang Sumantri ngenger)

  • Laku hambeging kisma
Tegese panguwasa/pimpinan kuwi kudu welas asih marang sapa wae. Kisma tegese lemah, lemah kuwi sapa wae sing ngidak-ngidak, ora kabeda-bedakake kabeh ditresnani.
  • Laku hambeging tirta
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu adil kaya bayu kang tansah warata ndhuwure. Yen adil iki dijejegakebisa dadi pepadhang lan bisa ngresiki regedan. Bayu kuwi ora tau tumindak ban cinde ban ciladan (pilih kasih).
  • Laku hambeging dahana
Tegese dadi pimpinan utawa panguwasa kudu teges, ora ingah-ingih, kaya geni kang panas mbakar apa wae.  Ananging kudu ditimbang-timbang adhedhasar akal sehat, saengga tumindake kuwi bisa ditangggungjawabi.
  • Laku hambeging samirana
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu teliti niing ngendi wae. Apik alane kahanane rakyat lan negara kudu dimangerteni.
  • Laku hambeging samodra
Tegese panguwasa kudune sugih pangapura, kaya dene ambane samodra.
  • Laku hambeging surya
Tegese panguwasa utawa pimpinan kudu nduwe inspirasi kaya dene srengenge kang amadhangi alam donya saisine.
  • Laku  hambeging candra
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu bisa madhangi ning ora manasake, kaya dene sunare mbulan.
  • Laku hambeging kartika
Tegese panguwasa kuwi kudu nduweni kapitayan dhiri, istilahe wong saiki percaya dhiri utawa confidance. Ora ketang ana sajroning awake nduwene cacad utawa kekurangan. Dipindhakake kartika/lintang ing langit, sandyan cilik nanging tetep sumunar hamadhhangi petenging wengi.
  • Tatas titis tatag tutug
Tegese ddadi panguwasa kudu nduweni watak kang teliti utawa titi saben ngadhepi perkara. Titis tegese tepat ora tau geseh, yen nggarap samubarang ora tau geseh wektune.  Tatas tegese tuntas ora tau mangkrak utawa separo-paro, tatag tegese tahan utawa ora grusa-grusu, ora sembrono. Tutug tegese rampung.



  • Gemi nastiti ngati-ati
Gemi nduweni teges hemat ora boros, lan prasaja. Gemi beda karo medhit utawa cethil. Nastiti kuwi ditujokake marang pawongan kang nduweni patrap gemi. Dene ngati-ati tegese ngadohi resiko sing paling ala lan ora ngepenakake sapa wae.
  • Gotong royong gugur gunung
Tegese samubarang pakaryan ditandangi kanthi bareng-bareng, disangga wong akeh. Mesthine bakal cepet rampung lan entheng sanggane.
  • Mikul dhuwur mendhem jero
Mikul dhuwur tegese bisa nggawe arum utawa wangi asmane wong tuwa, dene mendhem jero tegese bisa nutupi utawa nasabi cacad utawa kekurangane wong tuwa.
Miturut Siti Hardiyanti (1991)  idiom utawa bab-bab kang magepokan klawan  pangitutur luhur kang sumbere saka budaya jawa yakuwi:
  • Kudu angon wektu
  • Tumindak aja nganti getun mburine
  • Gawe rusak ora becik, dene gawe rusaking mungsuh dudu barang kang aneh
  • Mungsuh sing wiis nungkul aja dipateni
  • Sing sapa arep menange dhewe, kuwi nemahi cilaka
  • Sing sapa gelem mbuwang ilmu karang bakal nemoni kabecikan
  • Sing sapa gawe seriking liyan , kuwi uga arep nemahi cilaka
  • Sing sapa seneng udur, kuwi bakal kena bebendu dening Pangeran
  • Sing sapa seneng gawe nelangsaning liyan, iku ing tembe bakal kena piwales saka penggaweane dhewe
  • Sira kudu mituhu marang pitutur kang bener
  • Lamun sira seneng dialem wae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
  • Muring-muring kuwi dalane antuk pepeteng, mula sapa sing seneng muring ora bakal antuk pepadhangangrembuge kang perlu kawala
  • Golek kanca sing padha tujuane
  • Aja gawe seriking liyan
  • Aja golek mungsuh
  • Aja wani marang leluhur, jalaran leluhur iku kagolong bathara
  • Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwis
  • Aja kaget lan gumun samubarang gelaring ndonya
  • Aja nguber hawa nepsu mundhak sesngsara uripe
  • Aja dumeh
  • Siya
  • Aja ngece wong ora duwe
  • Aja gegedhen rumangsa
  • Aja kumalungkung
  • Aja kamingsun
  • Aja dhemen cidra
  • Aja munasika kawan
  • Aja gumedhe
  • Aja tumindak rusuh
  • Aja ngrusak pager ayu
  • Aja drengki
  • Aja keminter
  • Aja karemann
  • Aja ambeg siya
  • Aja gegedhen rumangsa
  • Aja nggege mangsa
  • Aja nampik rezeki
  • Aja dawa tangal lan liya-liyane.

Minggu, 20 Oktober 2013

GEGURITAN


NULIS GEGURITAN
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : XI / I
Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah, diskusi
Waktu                           : 2 x 45 Menit
================================================================
I.          PANUDUH PIWULANG
  1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab GEGURITAN LAN MACAPAT
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.         KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi       :
4. MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.
5. BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa
Kompetensi Dasar                     :
4.2   Nulis geguritan
5.3   Membahas atau mendiskusikan isi geguritan
Indikator                                   :
  1. Menentukan topik geguritan yang akan ditulisnya
  2. Membuat geguritan dari topik yang telah ditentukan sesuai dengan suaasana dan diksi
  3. Menyunting geguritan yang ditulis teman
  4. Membacakan geguritan yang ditulis sendiri dengan lafal dan intonasi yang tepat
  5. Mendiskusikan struktur batin geguritan (tema, gaya bahasa, nada, rasa, suasana)
  6. mendiskusikan struktur lahir puisi
  7. Melaporkan hasil diskusi yang telah dilakukan
  8. Memberikan tanggapan pelaporan diskusi yang dibawakan oleh perwakilan kelompok lain
III.        INFORMASI MATERI
A. GEGURITAN 
Puisi Jawa  sing biasa diarani geguritan kaperang dadi loro yaiku :
1.   Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang.
Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake kalawan tembang.
Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe :
a)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c)  Puisi tembang gedhe (kawi)
Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa
  1. Puisi Jawa Modern diarani geguritan.
Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi jawa sing isih anyar  (antarane tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa katampa bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono. Luwih-luwih golongan kasepuhan. Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora dilebokake ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan ana ing kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing  Surabaya), Jaya Baya (September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalane.
Paraperintis geguritan iki padha berjuang amrih geguritan iki diakoni lan bisa mlebu ana pasinaonan kasusastran Jawa. Asile, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba ngumpulake geguritan sing sumebar ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang judhule  Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah iki ana sajroning revolusi ilang. Semana uga kumpulan geguritane dhewe kang mawa irah-irahan Geguritan uga ilang.
Para perintis geguritan liyane, yaiku :R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp.
Saliyane geguritan ana puisi jawa liyane kang arupa parikan lan singir. Parikan  kuwi puisi jawa kang memper lan duwe ciri-ciri kaya pantun. Dene singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya nduweni ciri-ciri padha karo syair ana sajroning kasusastraan Indonesia.
Mula bukane ananing geguritan iki dianggo nyindir / nyemoni kahanan urip bebrayan ana sajroning masyarakat. Saliya  kuwi uga ndhuweni unsur ndidik / mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan iki nduweni teges puisi bebas. Bebas saka iketaning tembang lan bebas nyritakake apa wae.
B. Unsur-Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani  unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu  unsur batin  geguritan.
  • Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
  • Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
  • Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
  • Suasana
Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
  • Amanat kang dumunung ana geguritan
Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.
C.  Struktur Lahir Geguritan
Kang sinebut struktur lahir geguritan kuwi kahanan bab apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ana ing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu struktur lahir geguritan.
  • Pinilihing tembung
Pinilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila.
  • Majas
Majas utawa gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) diarani lelewaning basa. Majas utawa lelewaning basa iiki kanggo nambahi grengsenge geguritan.
  • Rima
Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
  • tipografi
tipografi  kuwi larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.
DONYA WIS LUNGSE
                                    Rini T Puspohardini
Muyeg saemba pasar
Ala becik mapan digelar
Lamun luput nintingi
Ora mokal ati keplantrang
Kaya ngoyak playune ayang-ayang
Ndeder kang bisa dibayangake
Luwih ndeder kanyatane
Kekitrang
Kaya prau kelangan layar
Wuta wektu, wuta dunung
Lumaku tanpa papan katuju
Apa sejatine ngaurip
Yen ta sakeh daya
Prasasat nglari susuhe angin
Esuk sore lan wengi
Dadi liturgi kang dilakoni
Tanpa ati
Lan rasa ……….
Sansaya kangelan maca tandha-tandha  jaman
Segara wedhi
Sajake padha kelalen
Donya wis watara lungse
Kari ngenteni
Tancep kayone
Jaya Baya, Edisi 31/1 April 2006
Ana ing geguritan ndhuwur nyritakake menawa kahanan donya kuwi wis tuwa kaya ana ing/ irah-irahane “Donya wis lungse” lan ana padha pungkasan kang unine “Sajake padha kelalen, donya wis watara lungse, kari ngenteni, tancap kayone.” Tegese (nganggo basa gancaran/bebas sajake para manungsa padha kelalen , ndonyane wis tuwa/lungse, kari ngenteni tamate/tancep kayon).
Kudune yen donyanewislungse / tuwa kuwi saya nggenah lan becik sing ditindakake dening umat manungsa. Saya cetha nglegewa tujuane wong urip. Nanging nyatane, ana malah akeh wong pawongan kang bingung ngluri tujuane urip. Donya ora saya jenjem, nanging umyeg kaya pasar.
Dene struktur batin bisa diwedharake kaya ing ngisor iki.
Tema
Rasa/pangrasa
Nada
Suasana
amanat
Moral
Medharake rasa sedhih lan bingung uga gumun nyawang kahanane ndonya
Patraping penyair/panulis nyindir utawa nyemoni manungsa kang saya ora nggenah
Kudune manungsa insyaf utawa sadhar
Aja ngumbar hawa nepsu
Struktur lahir geguritan ing ngisor iki jangkepana!
Tembung kang Pinilih/diksi
Majas/ lelewaning tembung
Rima
Tipografi
Tembunge konotatif
Tuladha:
1.personifikasi:
Wuta wektu wuta dunung
2. _________________________
3. _______________________
Rima vertikal:
Muyeg saemba   pasar
Ala becik mapan digelar
Rima horizontal:
————————————————————————————
Katata pada kang cacahe papat

PARAGRAF DEDUKTIF & INDUKTIF


PARAGRAF DEDUKTIF LAN INDUKTIF
Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : XI / I
Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah, diskusi
Waktu                           : 2 x 45 Menit
================================================================
I.          PANUDUH PIWULANG
  1. Supaya paham babagan paragraf deduktif-induktif lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab MAOS INTENSIF PARAGRAF DEDUKTIF LAN INDUKTIF.
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayokake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Rembugen lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.         KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar  Kompetensi      :
4. MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.
3. MEMBACA
Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca.
Kompetensi Dasar                     :
4.1 Menulis ringkasan wacana nonsastra tentang budaya jawa
3.1 Membaca pemahaman paragraf berdasarkan letak kalimat utama.
Indikator                                   :
  1. Menjelaskan jenis-jenis paragraph berdasarkan letak kalimat utamanya
  2. Menentukan tema/topic paragraph yang dibacanya
  3. Menentukan gagasan pokok paragraph yang dibacanya
  4. Menentukan  kalimat utama pada paragraph yang disajikan
  5. Membuat paragraph dengan kalimat utama di awal atau di akhir atau di awal sekaligus di akhir paragraph
6.   Menyunting paragraph yang ditulis teman
III.        INFORMASI MATERI
PARAGRAF
            Nggawe sawijining paragraf kalebu ana sajroning ketrampilan nulis. Ketrampilan iki ora saben wong nduwe. Muula gladhen nulis paragraph diperlokake banget. Ketrampilan nyusun ukara siji lan sijine saingga nduweni teges kang gumathok ora teka ngono wae. Ananging kabeh kudu disinaoni, tanpa digladhi lan disinau mesthi wae ketrampilan nulis ora bakal kaconggah.  Mula  saka kuwi,, gladhen kang ora kendhat nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan nguwasani nulis paragraf.
Sawijining paragraf biasane kedadeyan saka loro utawa luwih ukara. Ukara –ukara ana sajroning paragraf kudune sambung-sinambung antaraning ukara siji lan sijine. Ukara-ukara sing dumadi nyengkuyung sawijining tema / topik.
Tema / topik panggonane ana sajroning ukara pokok Dene ukara-ukara liyane nduweni sifat njelasake/mbeberake ukara pokok. Ukara sing ngandhut gagasan pokok dijenengake ukara  pokok, dene ukara sing ngemot gagasan panjelas diarani ukara panjelas.
Wujuding paragraf ditilik saka panggonane ukara pokok ana papat yaiku :
1.  Paragraf Deduktif
Paragraf sing ukara pokoke ana ngarepan diarani paragraf deduktif. Paragraf jinis iki paling gampang digawe. Ana sajroning bagan paragraf deduktif digambarake kaya ing ngisor iki !
                                                       K  u   /   u    P
      K P1  / U  Pj1
                            K P2  / U  Pj2
                                                 K  P 3   / U  Pj 3
                                                                           K P 4  /  U  Pj4
                                                                                                      K  P 5   / U Pj 5
Ketrangan : K u  /  Up    : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp  /  Upj : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas
Tuladha :
Kasus lolose Gayus Tambunan njalari jagading negara hukum, dadi horeg kena ketaman lindhu. Tumrap kalangan kepolisian , muncule kedadeyan mau rinasa mujudake ”samplukan” kang nglarakake ati lan nyuremake rai. Gayus Tambunan dhewe, sabubare nyatakake rasa getune ing sajroning sidhang, kanthi cekak aos ngakoni, untuk tidak memperpanjang polemik, yang ada di Bali itu betul saya.” Kasus kasebut bisa gawe bureme citra hukum Indonesia, lan saya nuwuhake kesan ora enak, kaya-kaya Indonesia bisa keblegong ing penganggep: negara hukum kang dihukum.
Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010
Ukara pokok paragraf ing ndhuwur, Kasus lolose Gayus Tambunan njalari jagading negara hukum, dadi horeg kena ketaman lindhu.  Dene ukara candhake arupa ukara panjelas. Ukara-ukara panjelas kuwi nyengkuyung ukara pokok.
2.  Paragraf Induktif
Paragraf jinis iki walikane paragraf deduktif. Ukara pokoke ana ing pungkasaning paragraf. Ukarane diwiwite saka bab-bab sing asipat miligi tumuju bab kang asipat rowa/umum utawa klimaks, yaiku generalisasi. Nggawe paragraf jinis iki rada kangelan, nanging cocok tur mathuk kanggo nulis prosa argumentasi. Salah sijining ciri paragraf induktif ana tembung-tembung tertemtu sing awujud dudutan. Tuladha: dadi, mula saka kuwi.
Yen dibaganeke, paragraf induktif kaya ing ngisor iki !
                             K  p1   /   u    Pj1
      K P2 / U  Pj2
                            K P3  / U  Pj3
                                                 K  P 4   / U  Pj 4
                                                                           K P 5  /  U  P5
                                                                                                      K  P 6   / U P 6
                  KU / Up
Ketrangan : K u  /  Up    : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp  /  Upj : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas
Tuladha :
Sawetara wektu kepungkur iya ana lakon kang akeh irip-empere karo kedadeyan ing ndhuwur. Malah ana kang nganggep luwih ngisin-isini! Yaiku, ana sel ing rutan khusus wanita, kang dening kang ngenggoni disulap dadi … panggung karaoke. Bisa kadadeyan kaya mangkono klawan aman-aman ing satengahing rutan kang jinaga kuwat lan rapet! Sebabe apa ora jalaran … dhuwit? Isih ana bae oknum petugas kang doyan dhuwit! Isih ana pager mangan tanduran, ngono paribasana!
Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010
Ukara pokok paragraf ing ndhuwur yaiku Isih ana pager mangan tanduran, ngono paribasana!
3.  Paragraf repetitif
Paragraf sing ukara pokoke ana ngarep dalah ana pungkasaning paragraf diarani paragraf repetitif. Ukara pokoke ana ing ngarep banjur dibaleni ana ing mburi minangka dudutan/kasimpulan. Gagasan pokok diwujudake ana rong ukara, sing kalorone ukara mau meh memper, ananging ora padha persis. Paragraf jinis iki ana sing ngarani paragraf deduktif-induktif.
Yen digambarake kanthi bagan, kaya ing ngisor iki !
                                                       K  u   /   u    P
      K P1  / U  Pj1
                            K P2  / U  Pj2
                                                 K  P 3   / U  Pj 3
                                                                           K u  /  U  P
Ketrangan : K u  /  Up    : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp  /  Up  : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas
Tuladha:
Dudutaning pangerti saka crita ing ngarep, samestine yen ing lapas utawa rutan, dianani aturan keras –ing bab wayah tangi, wayah turu, wayah ados, lan ransom, sarta mangane pisan. Kabeh pesakitan ing rutan utawa lapas kudu disiplin , anut aturan, adil ing pandum murih nuwuhake kesan saya kuwat: tumindak adil tumrap kabeh pesakitan,, gak perduli kang sugih, utawa kang uripe kkekurangan ing sanjabaning pakunjaran. Lan kang luwih wigati maneh, kanggo nguwatake unsure kapok mbaleni tumindak korupsi lan sabangsane. Mula pranatan kang keras mau kudu diterapake kanthi samesthine.
  Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010
4.  Paragraf Deskriptif
Ukara pokok paragraf deskriptif ditemokake ana sakabehing perangan paragraf. Dadi, saben ukara sing nyengkuyung dumadine paragraf diarani ukara pokok. Sakabehing ukara sing ana nduweni kawigaten kang padha, kanthi bebarengan nyawiji dadi siji paragraf kang gemolong.
Paragraf deskriptif akeh banget dianggo ana sajroning prosa narasi.  Mula saka kuwi, paragraf deskriptif uga diarani paragraf naratif. Tuladhane paragraf deskripti kayadene cerkak, novel lan sapiturute.
Bagan paragraf deskriptif.
                                         K  u   /   u    P
                       K u  /  u P
                                     K  u   /   u    P
                                                            K  u   /   u    P
Tuladha :
Pandhu ngungun. Mentale rubuh. Dheleg-dheleg ana ngomah. Ora wani metu. Ora wani nyang kantor desa. Semono uga Marsiti. Dheweke rumangsa isin, wirang. Sing tumindhak luput. Pandhu, kang nampa akibate wongng saomah. Nastiti malah nganti emoh sekolah. Patrape sing kaya

 MATERI SESORAH     Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapak...