Cerita Rakyat
Mendengarkan
cerita Rakyat
Kompetensi Dasar
Mendengarkan cerita rakyat yang disampaikan secara langsung atau melalui
rekaman
Indikator :
1. Menyebutkan ciri-ciri cerita rakyat
2. Menemukan unsur intrinsik
cerita rakyat
3. Menceritakan kembali isi cerita.
4. Memberi
tanggapan secara lisan terhadap isi cerita.
Tujuan Pembelajaran :
1. Menyebutkan ciri-ciri cerita rakyat
2. Menemukan unsure intrinsic cerita
rakyat
3. Menceritakan kembali isi cerita.
4. Memberi
tanggapan secara lisan terhadap isi cerita.
Materi Pembelajaran
Crita rakyat yaiku crita kang wis sumebar ing masyarakat, kang cacahe ora
bisa kapetung, ora cetha kala mangsane, ora bisa dilari sapa sejatine sing
nganggit.
Crita rakyat bisa kaweruhi nganti saprene amarga kadongengake liwat lathi
menyang lathi, turun temurun saka mbah buyut tekan saanak putune.
Dene ciri kang bisa dipethil saka crita rakyat kang ana, yaiku :
1. Anonim, ora diweruhi sapa
sejatine kang nganggit
2. Kolektiif, dianggep duweke rakyat
bareng-bareng
3. Statis, ora ana owah-owahan sing
wigati saka jaman biyen menyang jaman saiki
4. Imajiner, nggambarake
kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane
5. Ngemu tuladha, nyritakake bab ala
lan bener kanggo tuladha
Tema kang diangkat ana ing crita rakyat kayata :
1. Legenda ( asal usule papan
panggonan )
2. Fabel ( Crita donyaning
kewan )
3. Crita dewa-dewi
4. Crita Bathara
5. Crita becik katandhingake
tumindak ala/durjana
Tuladha Crita Rakyat :
Sendang Sani
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine pada nuju padhepokan Sunan
Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar
pisan. ” kayane wis tekan Kadhipaten Pati Pesantren, sedela maneh tekan
Padhepokan Muria,” ngendikane Sunan Kalijaga marang murid-muride.
Nalika wanci sholat dzuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sangisore wit
gedhe, banjur mrentah Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudlu. Ki Rangga lan
kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.
Weruh murid-muride padha bingung, Sunan Kalijaga karo mesem ngendika, ” Ki
Rangga becike awake dhewe nyuwun marang gusti. Banjur jaganen wit iki muga-muga
ana sumber kang mili. Nanging elingana kedadean apa wae kang ana ing kene, kuwi
kersane gusti. Aja padha lali yen ana kadadean apa wae, enggal kabarna marang
aku ing samburine grumbul iku” ature Sunan Kalijaga.
Ki Rangga lan kanca-kanca padha nunggu wit kuwi nganti keturon. Bareng
tangi klambine padha teles kebes amarga panggonan mau wis kebak banyu. Saking
senenge, Ki Rangga lan kanca-kancane padha lali karo welige Sunan Kalijaga. Ki
Rangga lan kanca-kancane padha ciblon.
Sunan Kalijaga bali meneh menyang papan mau. Ngerti polahe Ki Rangga, Sunan
Kalijaga ketrucut ngendikan ”Ki Rangga isih eling karo welingku, apa wae
kedadean ing kene kabarna marang aku, ora malah langen kaya bulus.”
Sanalika Ki Rangga lan kanca-kancane padha dadi bulus. Sunan Kalijaga ora
sida wudlu amarga banyune wis reged kena sisane Ki Rangga lan kanca-kancane.
Mula papan mau diarani Sendang Sani saka kedadean Sunan Kalijaga kang murungake
niyate wudlu marga disisani utawa didhisiki Ki Rangga. Papan mau kurang luwih
telung kilometer sisih lor Kutha Pati.
Gladhen
1. Temokna unsur intrinsik kang ana
ing sajerone crita rakyat mau!
2. Amanat apa kang bisa ditemokake
ana ing crita mau?
3. Tutupa bukumu, nuli critakna
meneh crita Sendang Sani mau ing ngarep kelas!
Garapan Omah
1. Saben wewengkon duwe crita kang
diarani crita rakyat. Critakna salah sijining crita rakyat kang ana ing
sakupeng desamu dhewe-dhewe!
2. Coba, golekna crita rakyat legenda
kedadeane Kutha Rembang.